PIDHATO BASA JAWA BEBUDHEN LUHUR



Pidhato Basa Jawa bebudhen luhur

Sih rahmat tentrem rahayu karana peparingipun Gusti ingkang murbeng dumadi tansah tumedhak lan tumanduk ing jiwangga panjenengan sedaya dalah kula waridin sagung dumadi.

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Nuwun,
Para sepuh, pinisepuh ingkang tansah kinarbekten,


Para bapak saha ibu juri ingkang kawula kurmati. Sumawana mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya..

Langkung rumiyin sumangga panjenengan dalasan kula ngaturaken pudji syukur dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring pangayoman miwah panjangkung, satemah ing kalodhangan punika panjenengan dalasan kula saged makempal manunggal kanthi raos bagya mulya, kalis ing sambekala. Para bapak saha ibu ingkang kawula kurmati. Sumawana mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya. Kaping kalihipun Sholawat saha salam mugi tansah kalimpahaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun nedhahaken panjenengan dalasan kawula ing margi ingkang leres.

Para bapak saha ibu ingkang kawula kurmati, saha para mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya. Kawula bingah sanget ing wekdal punika, bik bilih panjenengan dalasan kula sami saged ngangsu kawruh babagan budi pakerti ingkang luhur. Agami Islam mrehatosaken sanget babagan budi pakerti ingkang luhur. Kangjeng Nabi Muhammad SAW kautus wonten ing alam donya supados anyempurnakaken bebudeninpun para bebrayan ageng. Kasebat ing sajroning kitab suci Al-Quran: Wainnaka la’alaa khuluqin adziim. Ingkang artosipun, saktemenipun sajroning tindak tanduk Rasulullah punika wonten bebuden ingkang luhur. Uga Dipunandharaken wonten ing sabdanipun Rasulullah Sollahu alaihi wasalam ingkang wosipun; Innama buistu liutammima makarimal akhlaq. Artosipun, sak temene Ingsun dipunutus kagem anyampurnaaken budi pekerti.

Para bapak saha ibu ingkang kawula kurmati. Sumawana mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya.

Dados sampun gamblang tur cetha bilih bebrayan Islam punika kedah anggadhahi bebudhen ingkang luhur. Bebudhen ingkang luhur inggih punika tindak tanduk utawi solah bawa ingkang sae, ingkang jumbuh kaliyan paugeranipun ajaran agami Islam.

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan.

Salah satungaling bebuden luhur inggih punika kita kedah anggadhahi sikap andhap asor dhateng tiyang ingkang langkung sepuh utawi kaliyan rama ibu panjenengan dalasan kula. Umpaminipun unggah ungguh murid dhateng dwijanipun, putra dhateng sesepuh kekalih, kanca marang kanca, saha sanes-sanesipun. Menawi panjenengan dalasan kula asring ambiyasakaken bebudhen ingkang luhur ing pundi mawon saestu panjenengan dalasan kula tamtu saged gesang guyup rukun tata tentrem dhateng sinten kemawon umumipun ing alam donya punika.

Para bapak saha ibu juri ingkang kawula kurmati, sumawana para mudha-mudhi ingkang karoban raos bagya.

Punika ingkang saged kawula aturaken. Mugya para mudha saged mundhut, matrapaken saha ngamalaken bebudhen luhur kasebat kangge kamajengan bangsa saha kita sedaya. (amin)

Kawula kinten cekap semanten atur kawula bok bilih wonten klenta klentuning atur wiwit purwa dumugining wasana kawula anyuwun gunging samudra pangaksami.


Wassalamualaikum Wr.Wb.

0 Comments:

Post a Comment