Showing posts with label KUMPULAN TUGAS DAN SOAL BASA JAWA. Show all posts
Showing posts with label KUMPULAN TUGAS DAN SOAL BASA JAWA. Show all posts

TUGAS UNDHA USUK BASA



#JANGKEPANA UKARA KANG ISIH RUMPANG ING NGISOR IKI KANTHI TETEMBUNGAN KANG TREP

Pagineman.
Tuladha:
+ Panjenengan kalawau wungu jam pinten?
-  Kula kalawau tangi jam sekawan.
1.      P = Mangga kula aturi mriksani rumiyin foto-foto punika.
R = matur nuwun kula sampun …………………. Kaping kalih.
2.      P = Punapa panjenengan remen dhahar pedes-pedes?
R = Kula boten patos remen ………………….. Pedes-pedes.
3.      P = Saestu mundhut uwos?
R = Inggih kula badhe ………….. uwos, amargi wonten griya sampun telas.
4.      P = Panjenengan …………………… taun pinten?
R = kula lair taun 1976.
5.      P = punapa eyang gerah ta budhe?
R = Leres, eyang …………………. sampun sawatawis wekdal.
6.      P = Punapa panjenengan ngasta kalawarti ingkang enggal?
R = Boten, kula boten …………………..

TUGAS TRANSLITERASI WACANA ANOMAN





Anoman

ning pewayangngan crita ramayana apa déné mahabarata ana salah sawijining paraga sing jujuluk anoman, uga sisilih senggana. sanajan wujud wanaraséta, kethék putih, nanging pakertiné luhur, resik sembada setya marang rama ratu gustiné. tumandang gawéné tanpa pamrih kanthi tékan kang suci tansah ambéla bebener ambrantas tindak angkara murka. kejaba iku uga prajurit linuwih kang tanpa tandhing, bebasan wis atekan janggut isih kuwagang maju ing rananggana, cetha yén duwé tékat lan semangat kang makantar kantar.

sawise ganti jaman anoman isih diparingngi panyjang yuswa, trima mendhita ulah jatining ngelmu kasampurnanning pati. paring kawruh marang generasi candhaké. mula banyjur madeg bagawan ing pretapan Kendhalisada jujuluk sang begawan anoman iya sang begawan Mayangkara, anoman kalebu salah sawijining kadang bayuné werkudara.

SOAL UJIAN SEMESTER GENAP KELAS XI TAHUN PELAJARAN 2013 2014



MA Miftahul UlumYAYASAN PENDIDIKAN ISLAM (YPI)
ULANGAN UMUM SEMESTER GENAP MADRASAH ALIYAH
TAHUN PELAJARAN 2013/2014
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa                                                 Hari/tanggal    : Minggu, 1 Juni 2014
Kelas               : XI (Sewelas)                                                Waktu             :                       WIB
I.            Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, d, utawa e ing jawaban kang paling bener!


1.    Sedaya puja-puji syukur (1) tercurah (2) di hadapan Gusti Allah Ingkang Maha Agung, awit kita sedaya sampun saged (3) berkumpul ing papan panggenan mriki saperlu angadani (4) pertemuan mudha-mudhi....
Tembung Jawa kang pener kanggo nyalini tembung-tembung Indonesia ing andharan dhuwur yaiku ..
a.        (1) konjuk, (2) ing hadapipun, (3) makempal, (4) pepanggihan
b.       (1) konjuk, (2) ing ngarsanipun, (3) ngumpul, (4) patemon
c.       (1) katur, (2) ing wekdal, (3) makempal, (4) patemon
d.       (1) konjuk, (2) ing ngarsanipun, (3) makempal, (4) pepanggihan
e.        (1) katur, (2) ing ngajengipun, (3) makempal, (4) patemon
2.    Ukara pitakon kang santun kang katujokake marang narasumber yaiku…
a.       Panjenengan sadar punapa boten kaliyan ingkang panjenengan ngendikakaken?
b.       Punapa informasi saking panjenengan saged dipunpitados?
c.       Pangandikan panjenengan punika saged dipuncepeng punapa boten?
d.       Miturut panjenengan, punapa kinten-kinten ingkang nyebabaken prastawa punika?
e.       Miturut pamanggih kula Bapak dereng cocog nyepeng prekawis punika
Pachelaton wawancara ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon angka 3-5!
Wartawan       :”Punapa ingkang dados latar belakangipun panjenengan nyerat buku punika?”
Narasumber    :”Amargi kula tertarik kaliyan kagunan wayang wong kang sampun mboten nggadhahi kawigatosan saking masyarakat.”
Wartawan       :”Pangajab punapa ingkang panjenengan suwun sesampunipun para khalayak maos buku panjenengan?”
Narasumber    :”Supados kagungan wayang wong tansah saged dipunlestarikaken dening para mudha lan pikanthuk kawigatosan kang samesthinipun.”
3.    Pethikan wawancara ing dhuwur, kang dadi nara sumber handuweni pakaryan…
a.       pemain wayang                          d. seniman
b.       dhalang                                     e. penulis buku
c.       guru
4.    Nara sumber ana ing wawancara iku njlentrehake babagan...
a.       kasusastran jawa
b.       penerbitan buku jawa
c.       proses penulisan buku
d.       kelestarian budaya jawa
e.       pagelaran wayang wong
5.    Wawancara ing dhuwur migunakake basa…
a.       Jawa                             d. krama inggil
b.       ngoko andhap                e. karma andhap
c.       ngoko alus

SOAL UJIAN SEMESTER GENAP KELAS X TAHUN PELAJARAN 2013 2014

YAYASAN PENDIDIKAN ISLAM (YPI)
ULANGAN UMUM SEMESTER GENAP MADRASAH ALIYAH
TAHUN PELAJARAN 2013/2014
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa                                                             Hari/tanggal    : Minggu, 1Juni 2014
Kelas               : X (Sepuluh)                                                              Waktu             :                       WIB
I.            Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, d, utawa e ing jawaban kang paling bener!


1.       Ukara ing ngisor iki kang ngemu tembung saroja yaiku ...
a.         Mikha Tambayong iku salah sawijining kenya kang irang manis.
b.         Lintang katon kemelip sumebar ing angkasa, nanging kok rumangsaku wengi iki peteng ndhedhet.
c.         Giyarti lan Lilis iku sanajan bocah ndesa nanging mudeng nyandhang kaya bocah kutha.
d.         Sinau kang sregep supaya gegayuhan apa sing dikarepake.
e.         Dadi banyu wegah nyawuk, dadi godhong wegah nyuwek.
2.       Dhi, apa wingi awakmu menyang Jepara?
Ukara ing dhuwur iku kalebu ukara . . .
a.       pitakon                                    d.   sananta
b.       pakon                          e.   carita
c.       sumbawa
3.       Pancen sugyarta temenan, apa wae isa ditukoni kabeh.
Tembung sugyarta yen diwudhal dadi tembung ...
a.       Sugi + arta                   d.  Sugy + arta
b.       Sugih + arta                 e.  Sugih + harta
c.       Sugya + arta
4.       Tembung loro kang meh padha pangecapane, sing duweni teges lanang wadon diarani tembung ...
a.       lingga                          d.  sanepa
b.       entar                            e.  yogyaswara
c.       garba
5.       Tembung-tembung ing ngisor iki kagolong ing tembung lingga...
a.         nulis, nyapu, ombe      d. tulis, mangan, sapu
b.         pangan, tulis, ombe     e. mangan, turu, nyuwun
c.         sapu, ngombe, pangan

TUGAS KELAS X DAN XI



 TUGAS KELAS X

  1. Menurut jenisnya, paragraf bisa dibagi menjadi 5. Sebutkan dan jelaskan!
  2. Buatlah paragraf eksposisi dalam bentuk naskah berita sederhana!
  3. Apa yang dimaksud dengan 1) Tembung garba, 2) Tembung saroja dan 3) Tembung yogyaswara, berilah masing-masing contoh!
  4. Apa yang kalian ketahui tentang cerita cekak (cerkak)!
  5. Carilah cerita cekak (cerkak) dan buatlah sinopsisnya!
  6.  Apa yang kalian ketahui tentang aksara Jawa!
  7. Apa yang kalian ketahui tentang Undha usuk basa Jawa!
  8. Apa yang kalian ketahui tentang puisi/geguritan!
  9. Buatlah sebuah geguritan yang bertema pendidikan!
  10. Salinlah menggunakan huruf Jawa!

Urip lestari tumrap wong Jawa dudu urip langgeng ing alam donya. Wong Jawa tansah ngugemi pangerten lamun urip ing alam donya kuwi kaya dene mung mampir ngombe. Urip ing alam donya mung saderma nglakoni apa sing wus ditemtokake dening Sing Maha Kuwasa. Urip lestari kanggo wong Jawa ditegesi kanthi laku urip kang tansah ngudi tentreming batin, karyenak tyasing sesama, kang kabehe mau bakal dadi sangu kanggo laku ing jaman kalanggengan.
(jawaban menggunakan bahasa Jawa)

TUGAS  KELAS XI
  1. Apa yang kamu ketahui tentang wawancara!
  2. Apa yang kalian ketahui tentang kegiatan musyawarah!
  3. Menurut kalimat utamanya paragraf bisa dibedakan menjadi 3. Sebutkan dan jelaskan!
  4. Apa yang kalian ketahui tentang undha usuk basa Jawa!
  5. Buatlah dialog antara orang tua dan anak (anak menggunakan bahasa Jawa krama alus dan orang tua ngoko)!
  6. Apa yang kalian ketahui tentang parikan dan wangsalan berilah contoh!
  7. Apa yang kalian ketahui tentang nembang campursari!
  8. Apa yang kalian ketahui tentang macapat!
  9. Apa yang kalian ketahui tentang, 1) Rurabasa, 2) Kereta Basa dan 3) Tembung Entar, berilah masing-masing contoh!
  10. Salinlah menggunakan huruf Jawa!
Bima ngrumangsani yen urip ing alam donya kuwi mung sakuntara, mula dheweke kudu ngisi uripe kuwi kanthi kasampurnan. Saka pituduhe pandhita Durna. Bima kudu nggoleki banyu panguripan sing dumunung ing guwa Sigrangga, ing ereng-erenging gunung Candradimukalan ing Samodra Kidul. Kanyata ing telung panggonan kuwi ora ana sing aran banyu panguripan. Ing panggonan kuwi malah Bima nemoni saakehing rerindhu, bebaya lan alangan.
(jawaban menggunakan bahasa Jawa)