PIDHATO UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA


Sih rahmat tentrem rahayu karana peparingipun Gusti ingkang murbeng dumadi tansah tumedhak lan tumanduk ing jiwangga panjenengan sedaya dalah kawula waridin sagung dumadi.

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Nuwun,

Para sepuh, pinisepuh ingkang tansah kinarbekten,

Para bapak saha ibu ingkang kawula kurmati. Sumawana mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya.


Langkung rumiyin sumangga panjenengan dalasan kawula ngaturaken pudji syukur dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring pangayoman miwah panjangkung, satemah ing kalodhangan punika panjenengan dalasan kawula saged makempal manunggal kanthi raos bagya mulya, kalis ing sambekala.

Kaping kalihipun Sholawat saha salam mugi tansah kalimpahaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sampun nedhahaken panjenengan dalasan kawula ing margi ingkang leres.

Para bapak saha ibu ingkang kawula kurmati, saha para mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya. Kawula bingah sanget ing wekdal punika, bok bilih panjenengan dalasan kawula sami saged ngangsu kawruh babagan bebudhen luhur. Ing Agama Islam mrehatosaken sanget ing babagan punika. Kangjeng Nabi Muhammad SAW kautus dening Allah SWT wonten ing alam donya supados anyempurnakaken bebudenipun para bebrayan ageng. Kasebat ing sajroning kitab suci Al-Quran: Wainnaka la’alaa khuluqin adziim. Ingkang artosipun, Saktemenipun sajroning tindak tanduk Rasulullah punika wonten bebuden ingkang luhur. Uga Dipunandharaken wonten ing sabdanipun Rasulullah SAW ingkang wosipun; Innama buistu liutammima makarimal akhlaq. Artosipun, sak temene Ingsun dipunutus kagem anyampurnaaken budi pekerti.

Para bapak saha ibu ingkang kawula kurmati. Sumawana mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya.

Dados sampun gamblang tur cetha bilih ing bebrayan ageng, mliginipun para Mudha-mudhi punika kedah anggadhahi bebudhen ingkang luhur. Bebudhen ingkang luhur punika tindak tanduk utawi solah bawa ingkang becik, ingkang jumbuh kaliyan paugeranipun adat Jawi saha ajaran agama Islam.

Para bapak saha ibu ingkang dahat kinurmatan.

Salah satungaling bebuden luhur inggih punika kita kedah anggadhahi sikap andhap asor dhateng tiyang ingkang langkung sepuh. Umpaminipun unggah-ungguh murid dhateng dwijanipun, putra dhateng sesepuh kekalih, kanca marang kanca, saha kaliyan tiyang sanesipun. Menawi panjenengan dalasan kula asring ambiyasakaken bebudhen luhur ing bebrayan utawi ing pundi kemawon saestu panjenengan dalasan kawula tamtu saged gesang guyup rukun tata tentrem dhateng sinten kemawon ing alam donya punika.

Para bapak saha ibu ingkang kawula kurmati, sumawana para mudha-mudhi ingkang karoban raos bagya.

Punika ingkang saged kawula aturaken. Mugya para mudha saged mundhut, matrapaken saha ngamalaken bebudhen luhur kasebat ing bebrayan ageng inggih mliginipun kaliyan tiyang sepuh kekalih. (amin)

Kawula kinten cekap semanten atur kawula, bok bilih wonten klenta klentuning atur awit purwa dumugining wasana kawula pribadhi anyuwun gunging samudra pangaksami.




Wassalamualaikum Wr.Wb.

0 Comments:

Post a Comment