PIDATO PENTINGNYA BUDI PEKERTI ATAU BEBUDEN LUHUR ING JAMAN GLOBALISASI

CONTOH PIDATO SD/MI PENTINGNYA BUDI PEKERTI DI JAMAN GLOBALISASI

 

 


    

        Pidato merupakan salah satu cara untuk menyampaikan pendapat untuk membuat semua pendengar mengetahui maksud dan tujuan dari orang yang berpidato.

 

 

        Pada saat ini saya ingin membagikan dan memberikan contoh/tuladha pidato pentingnya budi pekerti yang baik dalam era globalisasi  ini atau bebudhen luhur ing sajroning era globalisasi.

 

 

        Pidato ini, merupakan salah satu pidato yang memiliki makna yang mendalam karena berisikan pesan moral atau perilaku yang sangat penting untuk semua orang khususnya antara guru dengan anak didiknya.. Pada kesempatan ini saya akan membagikan contoh pidato pentingnya budi pekerti yang baik dalam era globalisasi  ini atau bebudhen luhur ing sajroning era globalisasi.

 

 

 

        Hal ini bertujuan untuk memberikan informasi pentingnya budi pekerti yang baik dalam era globalisasi  ini atau bebudhen luhur ing sajroning era globalisasi. yang semuanya serba modern sehingga akan membuat anak didik di sekolah tahu dan paham pentingnya budi pekerti yang baik untuk saat ini.

 

 

 

Contoh teks naskah pidato tentang pentingnya budi pekerti yang baik dalam era globalisasi atau bebudhen luhur ing sajroning era globalisasi ini akan saya bagikan dalam bentuk ragam Bahasa Jawa.

 

 


Sih rahmat tentrem Rahayu karana peparingipun Gusti ingkang tansah tumendhak lan tumanduk ing jiwangga panjenengan sedaya dalah kawula waridin sagung dumadi.

 

Assalamualaikum Warahmatullahi wabarakatuh

 

Nuwun,

 

Para sepuh, pinisepuh ingkang tansah kinabekten

Para bapak saha ibu ingkang kinurmatan.

Sumawana mudha –mudhi ingkang karoban ing raos bagya.

 

 

Langkung rumiyin sumangga panjenengan sedaya dalasan kawula ngaturaken pudji syukur dhumateng ngrasaning Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring pangayoman miwah panjangkung. Satemah ing kalodhangan punika panjenengan sedaya dalasan kawula saged makempal manunggal kanthi raos bagya mulya, kalis ing sambekala.

 

 

Kaping kalihipun sholawat saha salam mugi tansah kalimpahaken dhumateng junjungan kita nabi agung Muhamad SAW ingkang sampun nedhahaken panjenengan sedaya dalah kawula ing margi ingkang leres.

 

 

Para Bapak saha ibu ingkang kinurmatan. sumawana mudha mudhi ingkang karoban raos bagya, Kawula Minangka Sulih bingah sanget ing wekdal punika saged ngandharaken babagan bebuden luhur wonten zaman  globalisasi.

 

Zaman Globalisasi punika wonten langkung saha kirangipun. Langkungipun inggih punika sedaya ilmu pengetahuan saha teknologi maju kanthi cepet. Nanging kekirangaipun zaman globalisasi inggih punika anggenipun bebuden luhur punika luntur amargi budaya manca mlebet ing Indonesia.

 

Ing Agama Islam bebuden luhur wigati sanget. Allah SWT ngutus  Kanjeng Nabi Muhammad SAW supados nyampurnaaken bebuden luhur ing bebrayan ageng  ing alam donya. Kasebat ing sajroning kitab Suci Al-Qur'an, Qur’an Surat Al-Qolam Ayat Sekawan

 

 

Wainnaka La’alaa khuluqin adziim. Ingkang artosipun Saktenemenipun sajroning tindak tanduk punika wonten bebuden ingkang luhur.

 

 

Para Bapak saha Ibu ingkang kinurmatan. sumawana mudha mudhi ingkang karoban raos bagya.

 

Dados sampun gamblang tur cetha kita kedah bebuden luhur sinaosa wonten ing zaman Globalisasi, tindak tanduk utawi solah bawa kanthi becik, ingkang jumbuh kaliyan paugeranipun adat jawi saha Ajaran Islam

 

Para Bapak saha Ibu ingkang kinurmatan. sumawana mudha mudhi ingkang karoban raos bagya.

 

Salah satunggaling bebuden luhur ingkang kedah dipuntrapaken inggih punika andhap ashor dhateng tiyang sepuh. Umpaminipin unggah ungguh  murid kalian dwijanipun, putra dhateng sesepuhipun, kanca marang kanca saha kaliyan tiyang sanes. Menawi Panjenengan sedaya dalah kula asring ambiyasaaken bebuden luhur ing bebrayan saestu panjenengan sedaya dalasan kula saged guyup rukun tata tentrem.

 

Para Bapak Ibu Ingkang kinurmatan sumawana mudha mudhi ingkang karoban raos bagya.

 

Sumangga sami – sami midaangetaken salah satunggaling tembang jawa ingkang wosipun Unggah ungguh Murid Kaliyan Dwijanipun

 

Siji Loro telu

Astane sedeku

Mirengake bu guru

Menawa di dangu

Papat nuli lima

Lenggahe sing tata

Aja pada sembrana

Mundak ora bisa

 

Nah, Para Bapak saha Ibu Ingkang kinurmatan, sumawana mudha mudhi ingkang karoban raos bagya.

 

 

Punika ingkang saged kawula aturaken. Mugya sami saged ngetrapaken ngamalaken bebuden luhur ing zaman globalisasi punika. Bok bilih wonten klenta klentuning atur awit purwa dumugi wasana kawula anyuwun agungin samudra pangaksami

 

Santen Parutan Klapa

Cekap semanten Atur Kawula

 

Wassalamualaikum wr Wb