Tuladha Pidhato Ngengingi Babagan Nggulawentah Peserta Didik lumantar Tembang Dolanan

Pidato atau membaca pidato adalah merupakan salah satu cara untuk seseorang untuk menyampaikan pendapat untuk membuat semua pendengar mengetahui maksud dan tujuan dari orang yang berpidato.

 

 

        Pada kesempatan kali ini saya ingin membagikan dan memberikan contoh pidato tentang mengajarkan ilmu kepada peserta didik melalui lagu dolanan atau dalam bahasa Jawa nya  pidhato ngengingi babagan nggulawentah siswa lumantar tembang dolanan.

 

 


 

        Pidato ini, merupakan salah satu pidato yang memiliki makna yang mendalam karena berisikan pesan moral atau perilaku yang sangat penting untuk semua orang khususnya untuk para peserta didik.

 

 

 

 Contoh teks naskah pidato tentang mengajarkan ilmu kepada peserta didik melalui lagu dolanan atau dalam bahasa Jawa nya pidhato ngengingi babagan nggulawentah siswa lumantar tembang dolanan ini akan saya bagikan dalam bentuk ragam Bahasa Jawa.

 

 

 

Ragam Bahasa Jawa pidhato ngengingi babagan nggulawentah siswa lumantar tembang dolanan

 

 

 

Sih rahmat tentrem Rahayu karana peparingipun Gusti ingkang tansah tumendhak lan tumanduk ing jiwangga panjenengan sedaya dalah kawula waridin sagung dumadi.

 

 

Assalamualaikum Warahmatullahi wabarakatuh

 

 

Nuwun,

Para sepuh, pinisepuh ingkang tansah kinabekten

Para bapak saha ibu ingkang kinurmatan.

Sumawana mudha –mudhi ingkang karoban ing raos bagya.

 

 

 

Langkung rumiyin sumangga panjenengan dalasan kawula ngaturaken pudji syukur dhumateng ngrasaning Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring pangayoman miwah panjangkung. Satemah ing kalodhangan punika panjenengan dalasan kawula saged makempal manunggal kanthi raos bagya mulya, kalis ing sambekala.

 

 

 

Kaping kalihipun sholawat salam mugi tansah kalimpahaken dhateng junjungan kita Nabi Agung, Nabi Muhammad SAW ingkang sampun nedhahaken panjenengan dalah kawula ing margi ingkang leres.

 

 

 

Para Bapak saha ibu ingkang kinurmatan.

 

Kawula “tasmiyati” bingah sanget, amargi ing wekdal punika kawula saged ngandharaken pidhato ngengingi babagan nggulawentah siswa lumantar tembang dolanan.

 

 

 

Salah satunggaling bebuden luhur ingkang kedah dipuntrapaken inggih punika unggah ungguh andhap ashor dhateng tiyang sepuh. Umpaminipin unggah ungguh  murid kalian dwijanipun. Bebuden luhur umpami dikaitaken kaliyan pembelajaran ing piwulangan, saged dadosaken siswa dados tiyang ingkang kritis, lan gadahi karakter kuat.

 

 

 

Para Bapak saha Ibu ingkang kinurmatan.

 

Ing pidhato kawula punika kula badhe ngandharaken bab unggah ungguh dhateng tiyang sepuh lumantar tembang dolanan.  Ing sajroning piwulangan. Guru kedah saged mbangkitaken motivasi supados ancasing pasinanon saged kagayuh. Lumantar tembang dolanan, siswa saged bingah lan mangertosi pitutur luhur sajroning tembang. Amargi tembang dolanan punika dipunadharaken kanthi basa ingkang sederhana.

 



Salah satinggaling tembang dolanan ingkang saged diangdhraken inggih punika tembang dolanan ingkang irah irahanipun Menthok-Menthok.

 

 

Tembangipun kados mekaten:

 

 

Menthok Menthok tak kandhani

Mung rupamu angisin-isini

Mbok ya aja ngetok ana kandhang wae

Enak enak ngorok ora nyambut gawe

Menthok menthok mung lakumu

Megal-megol gawe guyu

 

 

Menawi dipunartekaken gadhahi isi:

 

 

bocah kudu sregep, disiplin, boten niru tingkah laku menthok. Menthok ing tembang kasebut nggambarake manungsa kang kesed, ora gelem nyambut gawe, senenge mung turu. Tembang iki kalebu tembang kang mbangun watake bocah supados saged kerja keras, tetulung marang wong tuwa.

 

 

 

Pendhidhikan ingkang dipunwiwiti saking griya, inggih punika dhasaring budi pekertinipun lare, temtu badhe dados lare ingkang sae, saged srawung ing pawiyatan lan masyarakat kanthi sopan, saged makarya kanthi disiplin.

 

 

 

Para Bapak saha Ibu Ingkang kinurmatan, sumawana mudha mudhi ingkang karoban raos bagya. lumantar tembang dolanan siswa saged gadahi watak mandiri. Saged kritis, lan gadahi karakter kuat.

 

 

 

Bapak ibu, punika ingkang saged kawula aturaken. Mugya panjenengan dalah kawula saged ngulawentah bebuden luhur lumantar tembang dolanan ing piwulangan.

 

 

 

Cekap semanten atur kawula, Bok bilih wonten klenta klentuning atur awit purwa dumugi wasana kawula anyuwun agunging samudra pangaksami

 

 

 

Wassalamualaikum wr Wb 

 

 

 

PIDATO BAHASA JAWA, TEMA CINTA TANAH AIR

Pidato merupakan salah satu cara untuk seseorang untuk menyampaikan pendapat untuk membuat semua pendengar mengetahui maksud dan tujuan dari orang yang berpidato. Teks Pidato kali ini, merupakan salah satu teks pidato yang memiliki makna yang mendalam karena berisikan pesan moral yang sangat penting untuk semua orang. Yaitu pidato tentang rasa cinta kita terhadap tanah air Indonesia.
 

  


      Assalamualaikum Warahmatullahi wabarakatuh


Nuwun, Nuwun…..

 

Para sepuh, pinisepuh ingkang tansah kinabekten

Para bapak saha ibu ingkang kinurmatan. Sumawana mudha –mudhi ingkang karoban ing raos bagya.

 

 

Langkung rumiyin sumangga panjenengan dalasan kawula ngaturaken pudji syukur dhumateng ngrasanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring pangayoman miwah panjangkung. Satemah ing kalodhangan punika panjenengan dalasan kawula saged makempal manunggal kanthi raos bagya mulya, kalis ing sambekala.

 

 

Kaping kalihipun sholawat saha salam mugi tansah kalimpahaken dhateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW mugya kita sedaya pikantuk safa’at wonten ing yaumul akhir samangke. Amin Aamiin Ya Rabbal Alamin.

 

 

 

Para Bapak saha ibu ingkang kinurmatan, sumawana mudha mudhi ingkang karoban raos bagya.

 

 

Kawula Minangka Sesulih saking ……… bingah sanget, ing wekdal punika kawula saged ngandharaken babagan bebuden luhur wonten zaman  globalisasi.

 

 

Bapak Ibu ingkang kawula kurmati, sarta para kanca kang kawula tresnani, Kula badhe nyuwun pirsa…?

 

Miturut panjenengan sedaya tresna panjengan dhateng Negara Kesatuan Republik Indonesia, kinten kinten pinten persen?

 

Setunggal, sedasa, kalih dasa, selangkung, seket, punapa satus persen?????

 

Remen dhateng Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI) sejatosipun boten namung pocapan kemawon ananging kedah jumbuh antawisipun pocapan kaliyan tindak tandukipun.

 

 

 

Salah satunggaling tindak tanduk ingkang dados bukti, bilih kita generasi penerus ingkang tresna dhateng Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI) inggih punika Ngamalaken Dasar Negara kita Pancasila. Kanthi dados generasi kang remen kaliyan tanah air Indonesia, panjenengan dalasan kawula sampun dherek partisipasi aktif mujudaken persatuan saha kesatuan Indonesia.

 

 

 

Para kanca kang dak tresnani,

 

Wonten maneka warna Tindak tanduk kang nedahaken remen tanah air ingkang saged dipunpatrapaken ing kauripan saben dina, mliginipun ing lingkungan sekolah. Tuladhanipun:

 

 

Setunggal , Semangat anggone nyinanoni sejarah para pahlawan bangsa.

Para kanca kang dak tresnani, kenging punapa kita kedah nyinanoni sejarah perjuangan pahlawan kamardikan? Wontenkang mangertosi??? Nggih leres.! sejatosipun Tanpa wontenipun pahlawan mustahil bilih kita saged jumeneng ing ngriki kanthi tata tentrem bagya mulya. Saged ugi kepara kita sedaya taksih sibuk perang nglawan penjajah, saengga kula lan panjenengan sami boten wonten kalodhangan kagem ngayahi kagiyatan sinau, sekolah, lan dolanan.

 

 

Kanthi perjuanganipun para pahlawan, ing jaman milenial, ing jaman merdeka pasinaon kita namung kedah nglawan rasa wegah, kesed, supados kula lan panjenengan sami tebih saking kabodohan ilmu uga teknologi.




ingkang kaping kalih inggih punika semangat anggenipun dherekaken upacara bendera utawi upacara hari besar nasional.

 

 

Saking Upacara panjenengan kaliyan kawula saged mangertos lambang Negara kita, Bendera Merah Putih, lagu nasional Indonesia Raya, pahlawan nasional saha dumugi symbol Negara. Sedaya menika wujud tresna kula lan panjenengan marang bumi pertiwi Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI).

 

Nalika Upacara kita dipunajari  bersikap disiplin, rapi, saha kurmat dhateng tiyang sepuh lan tresna dhateng kanca. 

 

 

 

Para kanca kang dak tresnani, saha para Bapak ibu ingkang kawula kurmati,

 

 

Tanpa tumindak tresna marang tanah air Indonesia, Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI) bakal ajur lan ajur malah kepara ajur mumur. Tanpa sikep lan solah bawanipun kawula, panjenengan saha bebrayan ingkang tresna marang negara, kawula pitados bilih sawijining dinten samangke Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI) kita bakal rusak ajur mumur amarga dipunpimpin dening generasi penerus ingkang boten preduli kaliyan kahanan bangsa.

 

 

Pramila saking punika mangga kawula dalasan panjenengan sami, sami ningkataken raos kecintaan kita, raos kepredulian kita, marang Negara kita Negara kesatuan Republik Indonesia kanthi pantang menyerah lan rela berkorban.

 

 

 

Saderengiun kawula tutup, manga panjenengan dalasan kawula sami nyantekake lagu babagan rasa a cinta  marang tanah air. Inggih punika lagu karya saking KH. Abdul Wahab Chasbullah, ingkang irah irahanipun Yalal Waton.

 

 

Ya Lal Wathon Ya Lal Wathon Ya Lal Wathon

Hubbul wathon minal iman

Wala takun minal Hirman

Inhadlu alal wathon

Indonesia biladi

Anta 'unwanul fakhoma

Kullu may ya'tika yauma

Thomihay yalqo himama

 

Pusaka hati, wahai tanah airku
Cintaku dalam imanku
Jangan halangkan nasibmu
Bangkitlah, hai, bangsaku

Pusaka hati, wahai tanah airku
Cintaku dalam imanku
Jangan halangkan nasibmu
Bangkitlah, hai, bangsaku

Indonesia neg'riku
Engkau panji martabatku
Siapa datang mengancammu
'Kan binasa di bawah durimu
Siapa datang mengancammu
'Kan binasa di bawah durimu


Pusaka hati, wahai tanah airku
Cintaku dalam imanku
Jangan halangkan nasibmu

Bangkitlah, hai, bangsaku
Pusaka hati, wahai tanah airku
Cintaku dalam imanku
Jangan halangkan nasibmu
Bangkitlah, hai, bangsaku

Indonesia neg'riku
Engkau panji martabatku
Siapa datang mengancammu
'Kan binasa di bawah durimu
Siapa datang mengancammu
'Kan binasa di bawah durimu

 

 

Punika lirik lagu Yalal Waton karya saking KH. Abdul Wahab Chasbullah kang nyariosaken tresna marang tanah air

 

 

Mekaten ingkang saged kawula aturaken. Mugya sami saged ngetrapaken ngamalaken bebuden luhur ing zaman globalisasi punika. Wonten klenta klentuning atur awit purwa dumugi wasana kawula anyuwun agunging samudra pangaksami 

 

 

Santen Parutan Klapa

Cekap semanten Atur Kawula 

 

 

Wassalamualaikum wr Wb

 

 

semoga bermanfaat.