JENIS JENIS WAYANG KULIT

 

 

Wayang yaiku seni pertunjukan kang arupa drama kang khas. Kayata seni swara, sastra, music, tutur pocapan, seni rupa lan sanesipun. Ananging wonten kang anggepanipun wayang punika boten naming kesenian sarasan, ananging uga ngandhut pitutur-pitutur kang luhur saking para wali. 
 
 
Miturut para ahli Wiwit abad 19 dumugi samenika, wayang sampun dados kesenian kang wosipun saliyane ngandhut pitutur utawa wejangan-wejangan uga ngandhut wewarah kanggo sanguning urip bebrayan ing alam donya. Pramila, Kanthi filosofis, wayang yaiku gambaran utawa gambaran kauripan alam donya. Inggih punika wayang dipungambaraken boten namung gegayutaning manungsa marang manungsa ananging uga kauripaning manungsa kaliyan makhluk sanes, donya lang Pangeran-Ipun.
 

Gulungan Wayang Beber







Jinise/ Jenise wayang kayata ana ing ngisor iki:  
 
1.    Wayang wong
 
Wayang sing paragane wong, uga nyritakake lelakone Ramayana lan Mahabarata. 
Wayang kulit utawa wayang purwa yaiku wayang sing digawe saka walulang. Nyritakake lelakone Ramayana lan Mahabarata. Kajaba wayang kulit, ana sawetara jenis wayang liyane.
 
 
2.     Wayang Beber
 
      Yaiku mori kang digambari wayang ditontonake sarana dibeber, yen wis rampung banjur digulung maneh. Nyritakake lelakone Jaka Kembang Kuning karo Dewi Sekartaji. Miturut Kitab Sastra Mirudo, wayang beber kadamel taun 1283 (gunaning Bujangga nembah Ing Dewa), Muncul lan ngrembaka ing jaman Majapahit. Wayang beber tertua wonten ing tlatah Pacitan, dusun Gelaran desa Bejiharjo Karang Mojo Gunung Kidul. 



 

Pertunjukan Wayang beber
 
 
3.     Wayang Gedhog
 
Wayang sing nyeritakake lelakone Panji Asmarabangun, Dewi Candra Kirana, lsp.
(bentuknya hampir sama dengan wayang purwa. Wayang gedhog diciptakan oleh Sunan Giri tahun 1485 (Gaman Naga Kinaryeng Bathara) saat mewakili Raja Demak yang melakukan penyerbuan ke Jawa Timur. Wayang gedhog berasal dari pertunjukan wayang yang tanpa diiringi dengan kecrek sehingga bunyinya hanya ”dog” yang dominan. dan berkembang pada jaman Majapahit)



4.     Wayang klitik (krucil)
 
Wayang sing digawe saka kayu gepeng, nyriyakake Prabu Kenya, Damarwulan, Menak Jingga, lsp. Critane saka kerajaan Pajajaran nganti zaman prabu Brawijaya Majapahit. Gamelan kang digunakake sangat sederhana.

                Wayang Krucil
 
 
5.     Wayang Golek (thengul)
 
Wayang sing digawe saka kayu awujud golek,nyritakake wong Agung Menek, Umar Maya, lsp. Wayang golek dipopulerake dening Sunan Kudus. Wayang golek kang misuwur yaiku wayang golek Asep Sunarya saka Sunda.

 
                Wayang Golek
 






6.     Wayang madya
 
Wayang kulit sing nyritakake lelakone parikesit saturunane. Wayang madya iki diciptakake dening Mangkunegara IV, kang digunakake kanggo sesambungane wayang purwa karo wayang gedhog. Crita Kang terkenal ing wayang madya yaiku crita Angling Dharma.



7.     Wayang Potehi
 
                Wayang Potehi
 
 
Wayang golek kanthi cerita lelakone wong Cina. Potehi yaiku wayang khas Tiong Hoa berasal saka Cina Selatan kesenian iki digawa dening para perantauan etnis Tiong Hoa.
Potehi saka tembung Pou (kain) Te (kantong) Hi (wayang), artine wayang boneka kang digawe saka kain. Potehi ada sejak Dinasti jin (265-420 M) lan masuk Indonesia abad 16-19 M.



8.     Wayang Sadat
 
Wayang sing nyritakake lakon agama Islam

                Wayang Sadat
 
 
9.     Wayang Suluh
 
Wayang sing nyritakake sejarah Indonesia lan kanggo penyuluhan nalika jaman kamardikan. 

Wayang Suluh inggih menika wayang kang digawe saka kulit lan dibentuk dados manungsa kekinian kanthi tokoh wayang kekinian uga. kadosta, pak Lurah, guru, Petani, Tentara, Dokter, Pahlawan lsp.cariosipun uga babagan prastawa saben dinten ing kulawarga, bebrayan tamtune jumbuh karo kahanan ing bebrayan kasebut.


        Wayang Suluh



10.  Wayang Suket
 
Wayang kang digawe saka suket, critane babagan kahanan saiki lan lumrahe kanggo pitutur utawa kritik marang pemerintah. Asring digunakake bocah cilik kanggo dolanan.


Wayang Suket

WAWANCARA

Pengertian, Tujuan, Jenis, Tahap dan Contoh – Untuk pembahasan kali ini kami akan mengulas mengenai Wawancara yang dimana dalam hal ini meliputi fungsi, pengertian, tujuan, jenis, tahap dan contoh, nah agar lebih dapat memahami dan mengerti simak ulasan selengkapnya dibawah ini.

Wawancara yaiku tukar pitakon lan wangsulan karo sapa wae (narasumber) kanggo dijaluk ketrangan utawa wawasane babagan hal-hal tertamtu.
Tujuan Wawancara
  1. Kanggo golek informasi kanthi langsung kangge njlentrehaken babagan utawa prakawis tartamtu.
  2. Kanggo nglengkapi penyelidikan ilmiah.
  3. Kanggo golek data utawa kabar
  4. Kanggo golek bebekalan crita. contone wawancara karo korban bencana,kecelakaan,lsp.
  5. Kanggo golek bebekalan biografi. contone wawancara karo penulis buku /tokoh nasional ngengingi babagan perjalanan urip.

Babagan kang prelu digatekake sadurunge nindhakake wawancara:
a.       Nemtokake topic wawancara
b.      Nemtokake tujuan wawancara (informasi apa kang digoleki)
Tujuane wawancara bisa dikelompoke dadi papat:
1.      Kanggo golek kabar (informasi). contone wawancara karo bakul jamu, petani,lsp
2.      Kanggo golek panemu (opini). contone wawancara karo pakar politik utawa pakar budaya,lsp.
3.      Kanggo golek bebekalan crita. contone wawancara karo korban bencana,kecelakaan,lsp.
4.      Kanggo golek bebekalan biografi. contone wawancara karo penulis buku /tokoh nasional ngengingi babagan perjalanan urip.
c.       Nyiapake pitakon-pitakon
d.      Nemtokake sapa narasumbere
e.       Gawe janji karo narasumber kapan la nana ngendi anggone ketemu kanggo wawancara


Kang wigati yaiku Anggone wawancara karo wong sing luwih tuwa kedah gatekake tata kramane utawa unggah-ungguhing basa.

Sabanjure wektu wawancara kudu anggatekake babagan kaya ing ngisor iki:
a.       Miwiti wawancara kanthi salam
b.      Nganggo basa kang sopan miturut unggah-ungguhing basa
c.       Pandelengake tumuju ing narasumber
d.      Aja menehi pitakon kang wangsulane “iya utawa ora”

Pungkasi wawancara kanthi gunging matur nuwun amarga narasumber sampun paring informasi.
 

Tata kramane basa guneman karo simbah babagan omah jawa

Romi                : ”Embah punapa keparenga kula nyuwun priksa?”

Embah Nawir   : ”Arep takon apa, antok garapan saka sekolahan apa kepriye?”

Romi                : ”Wah, embah niki lho, pancen sekti. Saged mbethek laguning manah kula he…he… ngaten mbah, kalawau pak guru ngandharaken bilih griya ing jaman menika kathah jinis wewangunanipun kadosta: griya tumpuk, ruko, batako, perumnas lan sanes-sanesipun. Sanajan mekaten, bebrayan jawi punika gadhah jinis piyambak ingkang maneka warni, pramila kula sakanca kedah mangertosi. Lhah bab punika ingkang dipundadosaken garapan ing griya dening Pak Guru”

Embah Nawir   : ”O… ngono tha.ya…ya… mudheng aku kersane gurumu kuwi. Pancen omah jawa iku maneka warna. Apa kira-kira kowe durung mudeng bab jinise omah jawa iku?”

Romi                : ”sajatosipun sampun mangertos, Mbah, nanging during jangkep”

Embah Nawir   : ”Coba. Omahe Pak Gunawan kae jinise apa?”

Romi                : ”gampil mbah, dalemipun Pak Tapa punika Limasan. Awit wangunipun griya wonten empyak sekawan,ingkang kalih ageng serongan dene ingkang kalih malih wangun tiga utawi segitiga”

Embah Nawir   : ”pinter kowe.banjur apa bedhane karo omahe Pak Agus?”

Romi                : ”menawi dalemipun Pak Agus punika winastan griya kampong, mbah. Dene titikanipun wangunan griya awujud empyak kalih mawi tutup keyong”

Embah Nawir   : ”lhayen ngerepen Bale Desa kae?”

Romi                : ”wah, punika langkung gampil, mbah. Ngajeng Bale Desa punika Joglo”

Embah Nawir   : ”apa titikane?”

Romi                : ”titikanipun saka guru kasebat saka rawa mubeng”

Embah Nawir   : ”pancen omah limasan kuwi awangun empyak papan, sing loro gedhe serongan lan sing loro maneh awangun maju telu utawa segitiga. Dene yen omah kampong iku wangun empyak loro nanging nganggo tutup keyong. Lan omah joglo iku titikane nganggo saka guru papat sinambung saka rawa mubeng, dene empyake cilik mandhuwur kaya dene limasan. Apa maneh sing isih kurang?”

Romi                :  ”ingkang taksing kirang punika bab peranganipun griya, Mbah”

Embah Nawir   : ”O, kuwi tha, bab peranganning omah ta. Yen kowe kepengin mengertenni luwih cetha, ayo dakwiwiti saka regol kana kae”

Romi                : ”Sumangga mbah.”