RURA BASA LAN KERETA BASA

RURA BASA DAN KERETA BASA

 

Rura basa dan Kereta basa merupakan salah satu bentuk bahasa yang berkembang di masyarakat  Jawa. Rura basa dan kereta basa bisa dikatakan merupakan bentuk bahasa yang biasa digunakan dalam kehidupan sehari-hari, namun jika dilogika atau dinalar memiliki makna yang berbeda. Ingin tahu lebih jelasnya ayo kita belajar bersama-sama tentang rura basa dan kereta basa.

 

 

1. RURA BASA

 

Rura basa terdiri atas dua kata yaitu “rura” dan “basa”. Rura disebut juga “rurah” yang artinya rusak. Basa artinya bahasa. Maka Rura basa adalah bahasa yang rusak.

 

Dalam masyarakat bahasa ini Sebenarnya dimaksudkan hanya dalam bentuk anggapan saja, karena bahasa bentuk ini sudah lumrah atau terbiasa digunakan di masyarakat. Sehingga bentuk bahasa ini jika dibenarkan malah terlihar berbelit-belit dan tidak lumrah, dan malah tidak bisa diterima oleh masyarakat.

 

Rura basa Yaiku tembung kang salah nanging wis kaprah (umum) dienggo padinan.

 

 

 

Contoh:

1.     Ndheplok gethuk                = ndeplok tela godhog didadekeke gethuk.

2.     Ndondomi klambi              = dondom kain nggawe klambi

3.     Ndhudhuk sumur             = ndhudhuki lemah digawe sumur

4.     Nenun sarung                     = nenun kain dadi sarung

5.     Adang sega                        = adang beras supaya dadi sega (nasi)

6.     adang esuk                         = adang sega wayah esuk

7.     bakul jangan                     = wong dodol kaperluane masak

8.     Jaga gerdhu                        = jaga keamanan manggon ing gerdhu

9.     mangan awan                   = mangan sega wayah awan

10.          Negor klapa                   = negor wit klapa

11.          mbunteli tempe              = mbunteli kedele godhog dicampuri ragi supaya dadi tempe

12.          mikul soto                     = mikul kwali isine soto

13.          nglinting rokok               = nglinting klobot karo mbako supaya dadi rokok

14.          menek klapa                   = menek wit klapa

15.          Ndhudhuk sumur            = ndhudhuk lemah digawe sumur

16.          njahit klambi                  = njahit kain supaya dadi klambi

17.          nggodog wedang           = nggodog banyu supaya jadi wedang

18.          ngenam klasa                 = ngenam pandan supaya dadi klasa



 

2. KERETA BASA

 

Yaiku tembung sing diothak-athik supaya mathuk, mujudake cekakan saka rong tembung utawa luwih kang dadi ukara

 

Contoh:

1.     Garwa             tegese = sigarane nyawa

2.     Saru                tegese = kasar tur keliru

3.     Mantu             tegese = diemen-emen meksa metu

4.     Cangkem     tegese = yen ora dicancang ora mingkem

5.     Anak               tegese =  Karep apa-apa kudu ana lan enak.

6.     Bapak       tegese =  Bap apa-apa pepak

7.     Batur              tegese =  Embat-embating tutur

8.     Bocah        tegese =  Mangan kaya kebo, gaweyane ora kecacah.

9.     Brekat       tegese =  Dideleh mak breg terus diangkat

10.          Buta            tegese =  Kalbu sing ora ditata

11.          Cangkem    tegese =  Yen ora dicancang ora mingkem.

12.          Cangkir       tegese =  Kanggo nyancang pikir

13.          Cengkir       tegese =  Kencenge pikir

14.          Dhalang      tegese =  Ngudhal piwulang

15.          Denawa      tegese =  Ngeden hawa ngumbar hawa napsu

16.          Desember    tegese =  Gedhe-gedhene sumber

17.          Dongeeng    tegese =  Dipaido ora mengeng

18.          Garwa         tegese =  Sigaraning nyawa

19.          Garbu         tegese =  Yen ora mbegar ora iso mlebu

20.          Gedhang     tegese =  Saged padhang, digeget bar madhang.

21.          Gerang        tegese =  Segere wis arang-arang

TUGAS UNDHA USUK BASA



#JANGKEPANA UKARA KANG ISIH RUMPANG ING NGISOR IKI KANTHI TETEMBUNGAN KANG TREP

Pagineman.
Tuladha:
+ Panjenengan kalawau wungu jam pinten?
-  Kula kalawau tangi jam sekawan.
1.      P = Mangga kula aturi mriksani rumiyin foto-foto punika.
R = matur nuwun kula sampun …………………. Kaping kalih.
2.      P = Punapa panjenengan remen dhahar pedes-pedes?
R = Kula boten patos remen ………………….. Pedes-pedes.
3.      P = Saestu mundhut uwos?
R = Inggih kula badhe ………….. uwos, amargi wonten griya sampun telas.
4.      P = Panjenengan …………………… taun pinten?
R = kula lair taun 1976.
5.      P = punapa eyang gerah ta budhe?
R = Leres, eyang …………………. sampun sawatawis wekdal.
6.      P = Punapa panjenengan ngasta kalawarti ingkang enggal?
R = Boten, kula boten …………………..

TUGAS TRANSLITERASI WACANA ANOMAN





Anoman

ning pewayangngan crita ramayana apa déné mahabarata ana salah sawijining paraga sing jujuluk anoman, uga sisilih senggana. sanajan wujud wanaraséta, kethék putih, nanging pakertiné luhur, resik sembada setya marang rama ratu gustiné. tumandang gawéné tanpa pamrih kanthi tékan kang suci tansah ambéla bebener ambrantas tindak angkara murka. kejaba iku uga prajurit linuwih kang tanpa tandhing, bebasan wis atekan janggut isih kuwagang maju ing rananggana, cetha yén duwé tékat lan semangat kang makantar kantar.

sawise ganti jaman anoman isih diparingngi panyjang yuswa, trima mendhita ulah jatining ngelmu kasampurnanning pati. paring kawruh marang generasi candhaké. mula banyjur madeg bagawan ing pretapan Kendhalisada jujuluk sang begawan anoman iya sang begawan Mayangkara, anoman kalebu salah sawijining kadang bayuné werkudara.