TULADHA PARAGRAF EKSPOSISI



Mendhem ari-ari
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa/Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi. Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggara'ake malah uga ana neng dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku 

PARAGRAF EKSPOSISI

 Paragraf Eksposisi adalah / yaiku paragraf kang njlentrehake seluk beluk salah sawijining bab utawa masalah. Tujuane supaya wong kang maca bisa njupuk informasi lan pengetahuan kang luwih gamblang/cetha. Kanggo njlentrehake masalah kang dirembug, peragraf eksposisi migunakake tuladha, grafik uga fakta lan data liyane. Wacana eksposisi adate 

digunakake kanggo mbabarake pengetahuan / ilmu, definisi, pengertian, langkah - langkah sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadine sawijining prastawa utawa bab. tuladhane upamane carane gawe sabuk saka kulit, tas kulit, carane gawe tahu lan sapanunggalane.
 
Ciri-ciri paragraf eksposisi:

a.  Migunakake pola pengembangan umum-khusus utawa khusus-umum kang nduweni cirri deduktif utawa induktif
b.  Momot kalimat topic.
c.  Momot kalimat rincian utawa penjelas.
v  Urut-urutane nulis eksposisi:
a.  Nemtokake tema
b.  Mata kerangka karangan
c.  Nglimpukake kerangka karangan supaya dadi karangan kang komplit lan utuh.

Pola pengembangan lan jinising pengembangan eksposisi ana telu: pola proses, pola sebab-akibat, lan pola ilustrasi.

a.       Pola proses yaiku sawijining urutan saka tumindak-tumindak kanggo nyipta utawa ngasilake asil saka kedadeyan utawa peristiwa.
b.      Pola sebab-akibat, sebab tumindak minangka gagasan utama, lan akibat minangka rincian pengembangane. Nanging uga bisa sawalike, kanggo mangerteni sawutuhe akibat iku prelu diandarake pirang-pirang sebab minangka perinciane.
c.       Pola ilustrasi, kanggo eksposisi ilustrasi iya mung satrima ngandharake karepe penulis. Pengalaman pribadhi uga bisa dadi bahan ilustrasi kang paling efektif kanggo njlentrehake gagasan umum kasebut.

 
Tuladha Contoh paragraf eksposisi
Mendhem ari-ari
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa/Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi. Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggara'ake malah uga ana neng dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku bagian penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi esih neng jero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing). Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudhu dirawat lan dijaga misale enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwei lampu (umume senthir) kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi. Senthir iki dinyala'ake nganti 35 dina (selapan).Ari-ari dikumbah nganti resik dilebo'ake neng kendhi utawa bathok kelapa. Sedurung ari-ari dilebo'ake, alas kendhi diwei godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing esih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa neng lokasi penguburan. Lokasi penguburan kendhi kudhu neng sisi tengen pintu utama umah. Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi.
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa/Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Ket: paragraf diatas merupakan ekposisi dapat dilihat dari adanya penjeklasan yang merupakan kata kunci dari wacana eksposisi. Paragraf diatas menjelaskan tentang upacara mendhem ari-ari disitu dijelaskan tentang makna istilah mendhem ari-ari dan juga tata urutan upacara. Dijelaskan pula simbol-simbol yang ada dalam upacara adat tersebut.

Contoh paragraf eksposisi
Gedhang
golèkGedhang (ngoko) utawa Pisang (krama) iku sing thukul nglompok ing dhaérah tropis. Tandhuran gedhang kagolong kulawarga Musaceae. Ana pirang jinis gedhang sing warnané werna-werna, ananging mèh kabèh sing didol ing pasar utawa supermarket warnané yèn wis mateng lan rupané nglengkung. Gedhang akèh ngandhung kalium. Kembang gedhang diarani jantung.
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Ket: paragraf diatas termasuk wacana ekposisi. Wacana tersebut menerangkan tentang buah gedhang atau pisang dari segi asal-usulnya dan juga jenisnya.


PARAGRAF ARGUMENTASI

Paragraf Argumentasi / Paragraf Argumentasi bahasa Jawa Yaiku paragraf kang mratelakake alesan, tuladha lan bukti-bukti kang kuat lan bisa gawe yakine wong kang maca. Tujuane kanggo gawe yakine wong kang maca saengga bisa mbenerake pendapat, tindak tanduk lan uga keyakinane dhewe. Tuladhane SMK sebagai aset bangsa yang potensial, teknologi komunikasi harus segera dikuasai, alcohol bisa gawe cilaka

Urut-urutane nulis argmentasi:
1)      Nemtokake tema/topic
2)      Nemtokake tujuan karangan
3)      Ngumpulake data saka maneka sumber
4)      Nyusun kerangka karangan kang jumbuh karo topic kang dipilih
5)      Ngembangake kerangka dadi karangan argumentasi
Yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi penemune wong liya, supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang dikarepake penulis / kang ngomong.

Tuladha : ALKOHOL BISA GAWE CILAKA
            Ngombe alkohol sajroning wektu kang suwe bisa ndadekke tiwas amarga keracunan utawa kacilakan. Ing Amerika Serikat saben tahun 25.000 jiwa mati amarga kacilakan lalu lintas awit nyopir nanging lagi mendem. Meh 15.000 jiwa tumindak kasar utawa nglalu, amarga mendem. Ana 40 juta anak lan bojone padha sangsara nandhang tekanan mental, awit salah siji keluargane ketaman nyandu alkohol.
Penulis ngerti dhewe kira-kira 10 wong kang nyandu
            Senajan wis suwe ora ngombe alkohol, ana tengara rada cethek nalare, gampang nesu, gampang mutung, gampang nglokro, pamikire mulek ana panemune dhewe.

BASA JAWA LAN BUDI PAKARTI
Basa Jawa menika gadhah relevansi kaliyan pendidikan budi pakarti. Kangge tuladhanipun, lare ingkang nyinau basa Jawi mBoten kraos ugi pikantuk pelajaran budi pakarti. Paling mBoten, lare menika saged mangertosi babagan unggah-ungguh ingkang dados salah satunggaling unsur penting wonten pendidikan budi pakarti. Lare-lare kala wau badhe luwih ngajeni tumrap tiyang sanes, kaliyan tiyang ingkang dipunjak micanten, ugi luwih ngajeni tiyang ingkang luwih sepuh saking piyambakipun. Wonten ing kabudayan Jawi menika, kususipun ing basa Jawi, wonten kathah sanget bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang sejatosipun sampun diakui kaliyan bangsa Indonesia. Babagan menika amargi bebasan-bebasan ing basa Jawa menika ngandhut kapribaden manungsa ing Indonesia. Tegesipun, sedaya ingkang sae, ingkang endah ing pangraosan dipunungkapaken mawi tetembungan basa Jawi. Isi lan unenipun tetembungan menika saged dipunpahami kaliyan bangsa Indonesia. Kangge tuladhanipun inggih menika bebasan:
1. “gemi, nastiti, ngati-ati”
Gemi menika ateges mboten boros, manungsa menika mBoten pareng boros wonten gesangipun, amargi boros menika kalebet tumindak ingkang mBoten sae. Nastiti menika ateges mBoten nyedhak kaliyan babagan ingkang angel, dados manungsa menika mBoten usah kangelan anggenipun ngadhepi gesang menika, nanging kedah usaha kemawon. Ngati-ati menika ateges ngedohaken awakipun saking tumindak ingkang ala (mBoten sae/kelentu), manungsa menika kedah miturut kaliyan mergi ingkang sae, manut kaliyan moral lan aturan ingkang wonten ing masarakat.
2. “tegen, mugen, rigen”
Tegen menika ateges mBoten nDamel tiyang sanes kuciwa_mliginipunipun ingkang dados semahipun, utawa dados tiyang menika kedah kurmat kaliyan garwanipun. Mugen ateges menawi tiyanng menika kedahipun saged dipercaya kaliyan tiyang sanes, utawi manungsa menika kedah saged nDadosaken tiyang sanes percaya kaliyan piyambakipun. Rigen menika ateges menapa ingkang dipuntindakaken menika saged nDadosaken manpangat kangge tiyang sanes.
3. “titi, rukti, rumanti”
Titi menika ateges tiyang menika mboten pareng sembrana anggenipun tumindak. Rukti ateges manungsa menika kedah dadhah penampilan ingkang sae, pantes lan mBoten ngisin-isini. Dene rumanti menika ateges saged nyekapi, utawi menawi dados garwa ingkang sae menika kedah saged nyekapi kabetahanipun ngangge penghasilan ingkang punpikantuk.

CERITA RAKYAT


Ngrungokake Cerita Rakyat

Ngrungokake cerita rakyat kalebu jenis ngrungokake apresiatif. Tegese sabubare kita ngrungokake cerita cekak kang wus diwacakake mesthi bakal ngapresiasi, nggoleki teges/makna cerkak mau sawutuhe kanthi miling-milingi kepriye watake tokoh-tokoh, latare lan sapanunggalane.
            
Crita rakyat yaiku crita sing wis sumebar ing masyarakat. Kang cacahe ora bisa kapetung, kala mangsane ora bisa digoleki sapa sing nganggit. Yen kowe nate nemokake jenenge penulis ing sangisore crita rakyat  mau, sejatine among penulis kang nyritakake maneh crita rakyat kang wus ana ing masyarakat.
           
Crita rakyat mbuh kepiye asal mulane, bisa kaweruhi nganti seprene amerga kadongengake liwat lathi menyang lathi, run tumurun saka mbah buyut tekan sanak putune. Mula saka kuwi crita-crita kayadene dongeng sadurunge mapan turu mau banjur kaarani crita rakyat, yaiku crita sing dianggep duweke rakyat, sing nganggit rakyat, lan dicritakake kanggo rakyat.

Ciri-ciri kang bisa dipethik saka crita- crita rakyat kang ana, kayata:
1.      Anonim, ora diweruhi sapa sejatine sing nganggit.
2.      Minangka karya kolektif, dianggep duweke rakyat bareng-bareng.
3.      Nyritakake bab ala lan bener kanggo tuladha.
4.      Nggambarake kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane (imajiner)
5.      Statis, tetep, ora ana owah-owahan sing wigati saka jaman menyang jaman.

Unsur-unsur cerita rakyat.

Crita rakyat iku duweni unsure-unsur kang bisa disinau kanggo nemokake tegese. Unsur-unsur sing bisa ditemokake ana ing sajroning crita kasebut unsure intrinsik. Unsur intrinsic cerita rakyat, kayata:
1.      Tema, yaiku bab kang dadi dhasaring crita. Tegese sawijining prakara kang diangkat lan dijabarake ana ing saperangan gedhe pokok masalah crita. Kayata: legenda (asal usul daerah), fable (cerita kewan), crita dewa-dewi, lsp.
2.      Tokoh, yaiku sawijining paraga ing salebeting crita. Paraga/lakon ing sajroning carita nduweni watak (prilaku). Jinising paraga:
a.       Protagonis (tokoh baik) , yaiku paraga kang duweni watak apik, patriotic, tumindake bener lan pener.
b.      Antagonis (tokoh jahat), yaiku paraga kang duweni sipat jahat, kasar, lsp.
c.       Tirtagonis, yaiku paraga tambahan, utawa paraga kang mbiyantu protagonis lan antagonis.
3.      Latar, yaiku minangka katrangan kang nuduhake panggon-panggon lan uga titi mangsa/wayah dumadine kadadeyan-kadadeyan kang ana ing carita.
4.      Alur, yaiku Pola pangembangan crita kang kabentuk saka hubungan sebab akibat. Alur kaperang dadi 3, yaiku: alur maju (progresif/kronologi), mundur (flashback), campuran.
5.      Amanat, yaiku pituduh kang sinimpen ana ing crita. Amanat bisa wae kaserat langsung liwat narasine pengarang utawa dialog kang katindhakake dening paraga, nanging uga bisa sinandhi ana ing crita wutuhe (kasirat). Pamaos bisa nangkep amanat kang kasirat kanthi nyimpulake dhewe saka dalan critane (alur)
6.      Sudut pandang,  yaiku posisine pangganggit nalika ncritakake crita.


RURA BASA LAN KERETA BASA

RURA BASA DAN KERETA BASA

 

Rura basa dan Kereta basa merupakan salah satu bentuk bahasa yang berkembang di masyarakat  Jawa. Rura basa dan kereta basa bisa dikatakan merupakan bentuk bahasa yang biasa digunakan dalam kehidupan sehari-hari, namun jika dilogika atau dinalar memiliki makna yang berbeda. Ingin tahu lebih jelasnya ayo kita belajar bersama-sama tentang rura basa dan kereta basa.

 

 

1. RURA BASA

 

Rura basa terdiri atas dua kata yaitu “rura” dan “basa”. Rura disebut juga “rurah” yang artinya rusak. Basa artinya bahasa. Maka Rura basa adalah bahasa yang rusak.

 

Dalam masyarakat bahasa ini Sebenarnya dimaksudkan hanya dalam bentuk anggapan saja, karena bahasa bentuk ini sudah lumrah atau terbiasa digunakan di masyarakat. Sehingga bentuk bahasa ini jika dibenarkan malah terlihar berbelit-belit dan tidak lumrah, dan malah tidak bisa diterima oleh masyarakat.

 

Rura basa Yaiku tembung kang salah nanging wis kaprah (umum) dienggo padinan.

 

 

 

Contoh:

1.     Ndheplok gethuk                = ndeplok tela godhog didadekeke gethuk.

2.     Ndondomi klambi              = dondom kain nggawe klambi

3.     Ndhudhuk sumur             = ndhudhuki lemah digawe sumur

4.     Nenun sarung                     = nenun kain dadi sarung

5.     Adang sega                        = adang beras supaya dadi sega (nasi)

6.     adang esuk                         = adang sega wayah esuk

7.     bakul jangan                     = wong dodol kaperluane masak

8.     Jaga gerdhu                        = jaga keamanan manggon ing gerdhu

9.     mangan awan                   = mangan sega wayah awan

10.          Negor klapa                   = negor wit klapa

11.          mbunteli tempe              = mbunteli kedele godhog dicampuri ragi supaya dadi tempe

12.          mikul soto                     = mikul kwali isine soto

13.          nglinting rokok               = nglinting klobot karo mbako supaya dadi rokok

14.          menek klapa                   = menek wit klapa

15.          Ndhudhuk sumur            = ndhudhuk lemah digawe sumur

16.          njahit klambi                  = njahit kain supaya dadi klambi

17.          nggodog wedang           = nggodog banyu supaya jadi wedang

18.          ngenam klasa                 = ngenam pandan supaya dadi klasa



 

2. KERETA BASA

 

Yaiku tembung sing diothak-athik supaya mathuk, mujudake cekakan saka rong tembung utawa luwih kang dadi ukara

 

Contoh:

1.     Garwa             tegese = sigarane nyawa

2.     Saru                tegese = kasar tur keliru

3.     Mantu             tegese = diemen-emen meksa metu

4.     Cangkem     tegese = yen ora dicancang ora mingkem

5.     Anak               tegese =  Karep apa-apa kudu ana lan enak.

6.     Bapak       tegese =  Bap apa-apa pepak

7.     Batur              tegese =  Embat-embating tutur

8.     Bocah        tegese =  Mangan kaya kebo, gaweyane ora kecacah.

9.     Brekat       tegese =  Dideleh mak breg terus diangkat

10.          Buta            tegese =  Kalbu sing ora ditata

11.          Cangkem    tegese =  Yen ora dicancang ora mingkem.

12.          Cangkir       tegese =  Kanggo nyancang pikir

13.          Cengkir       tegese =  Kencenge pikir

14.          Dhalang      tegese =  Ngudhal piwulang

15.          Denawa      tegese =  Ngeden hawa ngumbar hawa napsu

16.          Desember    tegese =  Gedhe-gedhene sumber

17.          Dongeeng    tegese =  Dipaido ora mengeng

18.          Garwa         tegese =  Sigaraning nyawa

19.          Garbu         tegese =  Yen ora mbegar ora iso mlebu

20.          Gedhang     tegese =  Saged padhang, digeget bar madhang.

21.          Gerang        tegese =  Segere wis arang-arang