TULADHA ATUR LAN TAMPA PASRAH PENGANTEN KAKUNG


 
 CENGKORONGAN SESORAH
PASRAH PENGANTEN UTAWA NAMPA PASRAH PENGANTEN
1.      Salam pambuka
2.      Pakurmatan
3.      Puji syukur marang Gusti Allah
4.      Nepungake dhiri kang sesorah
5.      Atur salam taklim/kawilujengan rombongan pangiring calon manten
6.      Wigatining sedya, yaiku masrahake calon penganten lanang saubarampene.
7.      Pamuji utawa pangarep-arep
8.      Panyuwunan pangapura tumrap kulawarga calon penganten kakung
9.      Panyuwunan pamit (yen mengkone ora ana acara pamitan)
10.  Panutup (panyuwunan pangapura tumrap kang sesorah: masrahake/nampa)
11.  Salam panutup

TULADHA ATUR LAN TAMPA PASRAH PENGANTEN
Atur pasrah penganten kakung

Assalamualaikum. Wr, wb.
Nuwun,
Katentreman miwah karahayon, inggih awit sihing Gusti Ingkang Murbeng Dumadi mugi tansah hamayungana wonten ing madyaning pawiwahan ing siyang/dalu menika. Amin.
Bapa Budi Raharja (paraga panampi pasrah) ingkang dhahat kula bekteni, keparengna kula matur ing ngarsa panjenengan minangka tetalanging atur bapa Slamet basuki (pamengku gati/yg punya hajat) sekaliyan garwa, kados mekaten.
Kapisan, kula kadhawuhan ngaturaken salam taklimipun Bapa Kusama Widodo (besan) dalah garwa, mugi keparenga kaaturaken dhumateng Bapa Slamet Basuki dalah kulawarga. Wondene atur ingkang angka kalih, kula kadhawuhan masrahaken penganten jalu, pun Bagus Handoko, mugi wonten keparengipun kadhaupaken kaliyan Dyah Ayu Nugrahani, putra siwinipun bapa saha ibu Slamet Basuki.
Menggah kalampahanipun tatacara panggihing panganten, sadaya purba lan wasesa kasumanggakaken wonten ngarsanipun Bapa saha Ibu Slamet Basuki, sinartan atur pamuji mugi-mugi sedaya saged kalampahan kanthi lancar tanpa rubeda, pinayungan dening Allah Ingkang Maha Wilasa. Babar pisan atur uninga, bilih sasampunipun rerangkenipun tatacara panggihing panganten sarimbit paripurna, bapa miwah Ibu Kusuma Widodo sapandherek keparengna nyuwun pamit.
Nglenggana namung jejering titih sawantah, boten kesupen Bapa Kusuma Widodo sekaliyan garwa miwah sadaya kulawarga nyuwun agunging pangapunten tumrap sadaya atur miwah subasita ingkang boten ndadosaken renaning penggalih bapa Slamet Basuki sekaliyan garwa, sumrambahipun sadaya kulawarga ing ngriki.
Mekaten ingkang saged kula aturaken ing kalodhangan punika, saha nyuwun pangaksama tumrap sadaya lepating atur miwah muranging trapsila kula. Minangka panutuping atur kula sumangga tansah hasesanti ”sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti”
Wassalamu’alaikum wr. Wb.
Nuwun, nuwun, matur nuwun


0 Comments:

Post a Comment