SOAL UJIAN SEMESTER GENAP KELAS XI TAHUN PELAJARAN 2013 2014



MA Miftahul UlumYAYASAN PENDIDIKAN ISLAM (YPI)
ULANGAN UMUM SEMESTER GENAP MADRASAH ALIYAH
TAHUN PELAJARAN 2013/2014
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa                                                 Hari/tanggal    : Minggu, 1 Juni 2014
Kelas               : XI (Sewelas)                                                Waktu             :                       WIB
I.            Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, d, utawa e ing jawaban kang paling bener!


1.    Sedaya puja-puji syukur (1) tercurah (2) di hadapan Gusti Allah Ingkang Maha Agung, awit kita sedaya sampun saged (3) berkumpul ing papan panggenan mriki saperlu angadani (4) pertemuan mudha-mudhi....
Tembung Jawa kang pener kanggo nyalini tembung-tembung Indonesia ing andharan dhuwur yaiku ..
a.        (1) konjuk, (2) ing hadapipun, (3) makempal, (4) pepanggihan
b.       (1) konjuk, (2) ing ngarsanipun, (3) ngumpul, (4) patemon
c.       (1) katur, (2) ing wekdal, (3) makempal, (4) patemon
d.       (1) konjuk, (2) ing ngarsanipun, (3) makempal, (4) pepanggihan
e.        (1) katur, (2) ing ngajengipun, (3) makempal, (4) patemon
2.    Ukara pitakon kang santun kang katujokake marang narasumber yaiku…
a.       Panjenengan sadar punapa boten kaliyan ingkang panjenengan ngendikakaken?
b.       Punapa informasi saking panjenengan saged dipunpitados?
c.       Pangandikan panjenengan punika saged dipuncepeng punapa boten?
d.       Miturut panjenengan, punapa kinten-kinten ingkang nyebabaken prastawa punika?
e.       Miturut pamanggih kula Bapak dereng cocog nyepeng prekawis punika
Pachelaton wawancara ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon angka 3-5!
Wartawan       :”Punapa ingkang dados latar belakangipun panjenengan nyerat buku punika?”
Narasumber    :”Amargi kula tertarik kaliyan kagunan wayang wong kang sampun mboten nggadhahi kawigatosan saking masyarakat.”
Wartawan       :”Pangajab punapa ingkang panjenengan suwun sesampunipun para khalayak maos buku panjenengan?”
Narasumber    :”Supados kagungan wayang wong tansah saged dipunlestarikaken dening para mudha lan pikanthuk kawigatosan kang samesthinipun.”
3.    Pethikan wawancara ing dhuwur, kang dadi nara sumber handuweni pakaryan…
a.       pemain wayang                          d. seniman
b.       dhalang                                     e. penulis buku
c.       guru
4.    Nara sumber ana ing wawancara iku njlentrehake babagan...
a.       kasusastran jawa
b.       penerbitan buku jawa
c.       proses penulisan buku
d.       kelestarian budaya jawa
e.       pagelaran wayang wong
5.    Wawancara ing dhuwur migunakake basa…
a.       Jawa                             d. krama inggil
b.       ngoko andhap                e. karma andhap
c.       ngoko alus

SOAL UJIAN SEMESTER GENAP KELAS X TAHUN PELAJARAN 2013 2014

YAYASAN PENDIDIKAN ISLAM (YPI)
ULANGAN UMUM SEMESTER GENAP MADRASAH ALIYAH
TAHUN PELAJARAN 2013/2014
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa                                                             Hari/tanggal    : Minggu, 1Juni 2014
Kelas               : X (Sepuluh)                                                              Waktu             :                       WIB
I.            Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, d, utawa e ing jawaban kang paling bener!


1.       Ukara ing ngisor iki kang ngemu tembung saroja yaiku ...
a.         Mikha Tambayong iku salah sawijining kenya kang irang manis.
b.         Lintang katon kemelip sumebar ing angkasa, nanging kok rumangsaku wengi iki peteng ndhedhet.
c.         Giyarti lan Lilis iku sanajan bocah ndesa nanging mudeng nyandhang kaya bocah kutha.
d.         Sinau kang sregep supaya gegayuhan apa sing dikarepake.
e.         Dadi banyu wegah nyawuk, dadi godhong wegah nyuwek.
2.       Dhi, apa wingi awakmu menyang Jepara?
Ukara ing dhuwur iku kalebu ukara . . .
a.       pitakon                                    d.   sananta
b.       pakon                          e.   carita
c.       sumbawa
3.       Pancen sugyarta temenan, apa wae isa ditukoni kabeh.
Tembung sugyarta yen diwudhal dadi tembung ...
a.       Sugi + arta                   d.  Sugy + arta
b.       Sugih + arta                 e.  Sugih + harta
c.       Sugya + arta
4.       Tembung loro kang meh padha pangecapane, sing duweni teges lanang wadon diarani tembung ...
a.       lingga                          d.  sanepa
b.       entar                            e.  yogyaswara
c.       garba
5.       Tembung-tembung ing ngisor iki kagolong ing tembung lingga...
a.         nulis, nyapu, ombe      d. tulis, mangan, sapu
b.         pangan, tulis, ombe     e. mangan, turu, nyuwun
c.         sapu, ngombe, pangan