TULADHA SESORAH ADICARA KESRIPAHAN/LELAYU

Assalamualaikum, wr, wb.
Innalillahi wa inna ilaihi roji’un
Sadaya punika kagunganipun pangeran, mila ugi badhe wangsul dhateng Pangeran.
Para takjiyah kakung sumawana putri ingkang kinurmatan, kula minangka talang aturipun ingkang kesripahan,  ngaturaken sugeng rawuh. Matur nuwun dene panjenengan sedaya sampun kepareng rawuh, minangka pratandha tresna panjenengan dhumateng kulawarga ............ temah saged nglipur anggenthengaken awratipun raos. Dene katilar wangsul katimbalan dening Pangeran Ingkang Maha Kuwaos.

Dhumateng sanak kadang, tanggi tepalih, kula ngaturaken sanget agunging panuwun awit saking keparengipun paring pambyantu punapa sesanggeman kula dados entheng, sadaya lumampah gancar lan prayogi.
Para taljiyah ingkang kula tersnani.
Bapak/ibu ............... sampun kapundhut wangsul dhateng ngarsanipun Allah SWT. Ingkang punika mbok menawi nalika sugengipun anggadhahi kalepatan dhateng panjenengan sedaya, kulawarga anyuwunaken pangapunten. Dene mbok menawi taksih wonten sanak kadang ingkang taksih njanggel petangan kaliyan almarhum/ah .......... , mugi kaparenga tumunten anuntasaken dhateng kulawarga ingkang katilar. Makaten supados lampahipun suwargi katimbalan marak ing ngarsanipun Pangeran mboten semang tumolih, kalis ing rubeda punapa kemawon.
Para takjiyah ingkang kila hormati, boten langkung nyuwun tambahing pandonga, mugi-mugi alusipun bapak/ibu ........... katampiya kanthi sukarena dening pangeran, kaparingana pangapunten sedaya ngamal saenipun, kapapana ing panggenan ingkang prayogi. Dene kulawarga ingkang katilar mugi kaparingana manah ikhlas, tetep tawakal lan sabar, sageda nelad lan nglestantunaken ngamal saenipun ingkang sampun suwargi.
Wasana cekap semanten anggen kula matur. Manawi wonten atur kula ingkang kirang prayogi, nyuwun pangapunten. Wassalamu’alaikum, wr.wb.

TULADHA POCAPAN LELAYU /KESRIPAHAN

1 comment: