TULADHA LELAYU UTAWA KESRIPAHAN



lelayu lisan
Assalamuallaikum wr,wb.
Innalillahi wainna illaihi roji’un 3x
Ngaturi uninga bilih dinten menika (Selasa Wage surya kaping 30 Maret 2002) MBAH MARTONO sampun kapundhut tillah rohmatillah. Mbok bilih para sedherek/saudhara hanggadhahi wekdal kula aturi takziah wonten dalemipun MBAH NASI. RT05 RW 01 dusun Gebog Kembang. Dene jenazahipun samangke kasarekaken  tabuh 11.00 siyang ing pasareyan umum desa Kembang. Matur nuwun.
Wassalamuallaikum wr, wb.
Lelayu Seratan
Innalillahi wainna illaihi roji’un
Assalamuallaikum wr, wb.
Ngaturi uninga bilih kala dinten Senin Pon surya kaping 13 Januari 2002, wanci tabuh 04.15 WIB sampun katimbalan sowan wonten ngarsanipun Allah SWT,
BAPAK MARTONO
Jalaran nandhang gerah sepuh. Almarhum kaparingan yuswa 83 taun. Dene jenazah badhe kasarekaken wonten pasareyan Bergota Semarang, dinten Selasa Wage surya kaping 14 Januari 2002 tabuh 11.00 WIB. Bidal saking griya Jl. Merpati 56 Semarang. Mbok bilih nalika sugengipun Almarhum hanggadhahi kalepatan dhateng panjenengan sedaya, kulawarga nyuwunaken pangapunten.
Wassalamuallaikum wr, wb.
Ingkang nandhang sungkawa
kulawarga Budiyanto lan kulawarga Sudiyanto

0 Comments:

Post a Comment