Tuladha Pidhato Ngengingi Babagan Nggulawentah Peserta Didik lumantar Tembang Dolanan

Pidato atau membaca pidato adalah merupakan salah satu cara untuk seseorang untuk menyampaikan pendapat untuk membuat semua pendengar mengetahui maksud dan tujuan dari orang yang berpidato.

 

 

        Pada kesempatan kali ini saya ingin membagikan dan memberikan contoh pidato tentang mengajarkan ilmu kepada peserta didik melalui lagu dolanan atau dalam bahasa Jawa nya  pidhato ngengingi babagan nggulawentah siswa lumantar tembang dolanan.

 

 


 

        Pidato ini, merupakan salah satu pidato yang memiliki makna yang mendalam karena berisikan pesan moral atau perilaku yang sangat penting untuk semua orang khususnya untuk para peserta didik.

 

 

 

 Contoh teks naskah pidato tentang mengajarkan ilmu kepada peserta didik melalui lagu dolanan atau dalam bahasa Jawa nya pidhato ngengingi babagan nggulawentah siswa lumantar tembang dolanan ini akan saya bagikan dalam bentuk ragam Bahasa Jawa.

 

 

 

Ragam Bahasa Jawa pidhato ngengingi babagan nggulawentah siswa lumantar tembang dolanan

 

 

 

Sih rahmat tentrem Rahayu karana peparingipun Gusti ingkang tansah tumendhak lan tumanduk ing jiwangga panjenengan sedaya dalah kawula waridin sagung dumadi.

 

 

Assalamualaikum Warahmatullahi wabarakatuh

 

 

Nuwun,

Para sepuh, pinisepuh ingkang tansah kinabekten

Para bapak saha ibu ingkang kinurmatan.

Sumawana mudha –mudhi ingkang karoban ing raos bagya.

 

 

 

Langkung rumiyin sumangga panjenengan dalasan kawula ngaturaken pudji syukur dhumateng ngrasaning Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring pangayoman miwah panjangkung. Satemah ing kalodhangan punika panjenengan dalasan kawula saged makempal manunggal kanthi raos bagya mulya, kalis ing sambekala.

 

 

 

Kaping kalihipun sholawat salam mugi tansah kalimpahaken dhateng junjungan kita Nabi Agung, Nabi Muhammad SAW ingkang sampun nedhahaken panjenengan dalah kawula ing margi ingkang leres.

 

 

 

Para Bapak saha ibu ingkang kinurmatan.

 

Kawula “tasmiyati” bingah sanget, amargi ing wekdal punika kawula saged ngandharaken pidhato ngengingi babagan nggulawentah siswa lumantar tembang dolanan.

 

 

 

Salah satunggaling bebuden luhur ingkang kedah dipuntrapaken inggih punika unggah ungguh andhap ashor dhateng tiyang sepuh. Umpaminipin unggah ungguh  murid kalian dwijanipun. Bebuden luhur umpami dikaitaken kaliyan pembelajaran ing piwulangan, saged dadosaken siswa dados tiyang ingkang kritis, lan gadahi karakter kuat.

 

 

 

Para Bapak saha Ibu ingkang kinurmatan.

 

Ing pidhato kawula punika kula badhe ngandharaken bab unggah ungguh dhateng tiyang sepuh lumantar tembang dolanan.  Ing sajroning piwulangan. Guru kedah saged mbangkitaken motivasi supados ancasing pasinanon saged kagayuh. Lumantar tembang dolanan, siswa saged bingah lan mangertosi pitutur luhur sajroning tembang. Amargi tembang dolanan punika dipunadharaken kanthi basa ingkang sederhana.

 



Salah satinggaling tembang dolanan ingkang saged diangdhraken inggih punika tembang dolanan ingkang irah irahanipun Menthok-Menthok.

 

 

Tembangipun kados mekaten:

 

 

Menthok Menthok tak kandhani

Mung rupamu angisin-isini

Mbok ya aja ngetok ana kandhang wae

Enak enak ngorok ora nyambut gawe

Menthok menthok mung lakumu

Megal-megol gawe guyu

 

 

Menawi dipunartekaken gadhahi isi:

 

 

bocah kudu sregep, disiplin, boten niru tingkah laku menthok. Menthok ing tembang kasebut nggambarake manungsa kang kesed, ora gelem nyambut gawe, senenge mung turu. Tembang iki kalebu tembang kang mbangun watake bocah supados saged kerja keras, tetulung marang wong tuwa.

 

 

 

Pendhidhikan ingkang dipunwiwiti saking griya, inggih punika dhasaring budi pekertinipun lare, temtu badhe dados lare ingkang sae, saged srawung ing pawiyatan lan masyarakat kanthi sopan, saged makarya kanthi disiplin.

 

 

 

Para Bapak saha Ibu Ingkang kinurmatan, sumawana mudha mudhi ingkang karoban raos bagya. lumantar tembang dolanan siswa saged gadahi watak mandiri. Saged kritis, lan gadahi karakter kuat.

 

 

 

Bapak ibu, punika ingkang saged kawula aturaken. Mugya panjenengan dalah kawula saged ngulawentah bebuden luhur lumantar tembang dolanan ing piwulangan.

 

 

 

Cekap semanten atur kawula, Bok bilih wonten klenta klentuning atur awit purwa dumugi wasana kawula anyuwun agunging samudra pangaksami

 

 

 

Wassalamualaikum wr Wb 

 

 

 

0 Comments:

Post a Comment