TULADHA PIDHATO ADICARA PERPISAHAN KELAS IX BASA JAWA

Perangan bakune tanggap sabda

 

1.      Salam Pambuka

Ngaturake salam jumbuh karo agamane dhewe-dhewe

 

2.      Pambuka (Purwakaning atur)

Isine atur panuwun marang kang padha rawuh lan muji syukur marang Gusti Allah SWT

 

3.      Surasa (Wigatining atur/isi)

Isine ngemot bab kang ana gegayutane karo adicara kang dianakake

 

4.      Dudutan (kesimpulan)

Isine sari pathi saka babkang wis diandharake

 

5.      Pangarep-arep

Tegese panyuwunan marang kang diajak rembugan lan marang Gusti Ingkang Maha Agung

 

6.      Panutup (Purnaning atur)

Nyakup atur panuwun lan panyuwunan pangapura

 

7.      Salam penutup

Isine atur salam utawa donga kanggo sakabehe 

 


MATERI NGRUNGOKAKE KHOTBAH / PIDHATO

 

 

TULADHA TANGGAP SABDA PERPISAHAN KELAS IX

 

Assalamualaikum Wr. Wb.

            Bapak, Ibu para rawuh lan para rayi ingkang kula kurmati. Kaparenga ing wekdal punika kula wakilipun kelas sanga ngaturaken gunging panuwun saha sugeng rawuh wonten ing adicara perpisahan menika.

 

            Bapak saha ibu guru ingkang pantes tinulad sinudarsana, mboten kanyana sampun tigang tahun panjenengan dhidhik kula lan kanca-kanca kanthi kesabaran lan maringi ilmu ingkang katah kang migunani dhateng pasrawungan sedaya kalawau dipunparingaken tanpa pamrih. Dene kula lan kanca-kanca mboten saged mbales jasa-jasanipun panjenengan sedaya. Naming saged angaturaken mugi-mugi Gusti Kang Mahawikan paring piwelas tumrap kawigatosan lan ilmu ingkang sampun panjenengan paringaken dhumateng kula sami.

 

            Ing ngriki, kula makili kanca-kanca nyuwun pamit saha idi pangestu mugi-mugi kula lan kanca-kanca pinaringan panggenan pawiyatan ingkang becik, kados ingkang kula lan kanca-kanca kersakaken.

 

            Para rayi ingkang kula tresnani, supados tambah semangat sinau lan semangat anggenipun nggayuh prestasi, tuwin supados pawiyatan ingkang kita tresnani niki, SMA Kalingga saya apik lan tetep paling apik ing kutha Solo, para rayi lan kanca-kanca kelas sanga, kula pesen kangge sedaya kemawon, aja ngantos “pedhot-kekancan” supados kita tetep rerembagan kayata sakderengipun kita pisah.

           

Ing pungkasan atur, kula lan kanca-kanca nyuwun idi pangestu lan gunging samudra pangaksami dhumateng Bapak, Ibu guru, Para rawuh, lan para rayi menawi kula sakanca gadah kalepatan wiwit tigang tahun niki.

 

            Atur temanten, mangan srikaya mangan kupat uga pecel punten cekap semanten atur kula bilih salah nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

                                                            (kapethik saka: www.jurnalabdul.co.cc)

 

Tindhakna tanggap wacana ing dhuwur kanthi nggatekake kedal, ucapan, lagu, uga carane ngadheg!

 

 

 

0 Comments:

Post a Comment