CONTOH PENGERTIAN DAN JENIS UKARA CAMBORAN

Tembung camboran dalam bahasa Indonesia (Komposisi) adalah kata tunggal atau tembung lingga (bahasa Jawa) mendapat akhiran –an. Cambor mempunyai arti campur. Jadi tembung camboran mempunyai arti dua kata yang digabung menjadi satu. “tembung loro kang dicampur, dirangkep, utawa digandheng dadi siji.”

 

 

 

Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih digandheng dadi siji lan nduweni teges siji. Kata majemuk atau Tembung camboran (Bahasa Jawa) merupakan dua kata atau lebih yang digabung menjadi satu dan memiliki satu arti.

   

 

 

Menurut bentuknya tembung camboran dapat dibagi menjadi 2. Yaitu tembung camboran wutuh dan tembung camboran tugel atau wancah. Contoh tembung camboran wutuh: buku gambar, sayuk rukun, lemari kaca, guru. Sedangkan tembung camboran tugel atau wancah: bangjo, thukmis,lunglit, dll

  

 

 

1.   Tembung Camboran Wutuh

 

Adalah Dua kata atau lebih yang digabung jadi satu tanpa mengurangi jumlah suku kata. Tembung loro kang dirangkep dadi siji nanging ora ngurangi jumlah wandane.”

 

Tembung camboran wutuh bisa dibagi menjadi 2 macam yaitu:

 

 

1)   Tembung Camboran wudhar adalah kata satu dengan kata yang lainnya memiliki makna sendiri-sendiri. “tembung siji lan sijine isih nduwe teges dhewe-dhewe”

 

·        Papan karo tulis = papan tulis

·        Meja karo kursi = meja kursi

·        Sendok karo garpu = sendok garpu

·         

 

2)   Tembung Camboran tunggal adalah dua kata yang digabung menjadi satu dan mempunyai makna baru. “tembung loro kang digandheng nanging nduweni teges anyar.”

 

·        Semar mendem = nama makanan /jenenge jajanan

·        Nagasari = nama makanan/jenenge jajanan

·        Kuping gajah = makanan yang terbuat dari tepung

·        Rondha royal = makanan yang terbuat dari ketela/ singkong

 

  

 

2.   Tembung Camboran tugel atau Wancah

 

Adalah dua kata yang digabung menjadi satu dengan mengurangi jumlah suku katanya. “Tembung loro kang dirangkep dadi siji kanthi ngurangi jumlah wandane.”

 

·        Abang ijo = bangjo

·        Idu abang = dubang

·        Bathuk klimis = thukmis

·        Jitu = siji pitu

·        Budhe = ibu gedhe

·        Thongpes = kantong kempes

 

  

 

 

KALIMAT MAJEMUK / KALIMAT KOMPOSISI / UKARA CAMBORAN

  

 

 

Kalimat majemuk atau ukara camboran adalah kalimat yang memiliki subjek (jejer) dan predikat (wasesa) rangkap. Setidak-tidaknya memiliki subjek (wasesa) rangkap. Ukara camboran bisa dibedakan menjadi tiga macam, yaitu: ukara camboran sejajar (sederajat), ukara camboran raketan (rapatan) dan ukara camboran susun (bertingkat).

 

 

 

”Ukara camboran/rangkep yaiku ukara kang isine andharan rangkep. Dumadi saka manunggale ukara lamba loro utawa luwih, siji lan sijine isih madeg dhewe-dhewe sarta isining ukara mau isih ana gandeng cenenge.”

 

 

 

1.  Ukara camboran sejajar / sedrajat (klausa koordinatif)

 

 

Ukara camboran sejajar / sedrajat adalah kalimat yang terjadi dari dua klausa atau lebih. antara kalimat satu dengan kalimat yang lain digabung menjadi satu kesatuan menggunakan kata penghubung yang bersifat sejajar. Kata penghubung tersebut diantaranya: lan, sarta, nanging, ning, dene, wondene, malah, saha, nuli, banjur, terus, utawa, utawi, lajeng, miwah, tur, apa, mulane,lsp.

 

 

 

”Yaiku ukara kang dumadi saka rong klausa utawa luwih. Klausa iku digandheng dadi siji kanthi nggunakake tembung panggandheng utawa tandha koma ing antarane klausa siji lan sijine. Klausa kang ana ing Ukara camboran sejajar awujud klausa inti. Tembung panggandheng kang nuduhake Ukara camboran sejajar antawisipun: lan, sarta, nanging, ning, dene, wondene, malah, saha, nuli, banjur, terus, utawa, utawi, lajeng, miwah, tur, apa, mulane,lsp.”

 

 

a.        Ukara camboran sejajar kang samruwat, lan, karo, dene, tur, lsp.

 

Contohnya:

·                   Anjas ditampa ing SMA. (lamba)

·                   Anto munggah kelas 3 SMP. (lamba)

 

Ukara Camboran Sedrajat: Anjas ditampa ing SMA dene Anto munggah kelas 3 SMP.

 

 

b.        Ukara camboran sejajar mratelakake kosok balen:

 

Contohnya:

·                   Budi iku bocah pinter. (lamba)

·                   Adhine bodhone ngepol. (lamba)

 

Ukara Camboran Sedrajat: Budi iku bocah pinter nanging Adhine bodhone ngepol.

 

 

c.        Ukara camboran sejajar mratelakake sebab musabab:

 

Contohnya:

·                   Sikilku keseleo. (lamba)

·                   Aku ora mlebu sekolah. (lamba)

 

Ukara Camboran Sedrajat: Sikilku keseleo mulane Aku ora mlebu sekolah.

 

 

 

 

Ukara-ukara kasebut dhuwur kabeh dumadi saka rong klausa. Antarane klausa kapisan lan kapindho mesthi ana panggandhenge. Embuh awujud tembung utawa awujud tandha koma. Tembung panggandheng kang asring dienggo, yaiku: lan, sarta, nanging, ning, dene, wondene, banjur, terus, utawa, utawi, lajeng, miwah, tur, saha, malah, apa, lan nuli.”





2.  Ukara camboran susun (klausa subordinatif)

 

 

Ukara camboran susun atau kalimat majemuk bertingkat adalah kalimat yang terjadi dari dua klausa atau lebih tetapi antara klausa satu dengan yang lainnya ada yang mengasai dan ada yang dikuasai. klausa yang menguasai disebut klausa inti atau induk kalimat sedangkan Klausa yang dikuasai disebut klausa pang atau anak kalimat.

 

 

 

Ukara camboran susun Yaiku ukara kang dumadi saka rong klausa utawa luwih, nanging antarane klausa siji lan sijine ana kang nguwasani lan ana uga kang dikuwasani. klausa kang nguwasani diarani klausa inti (induk kalimat), dene klausa kang dikuwasani diarani klausa pang (anak kalimat). Ukara camboran susun yaiku ukara kang salah siji saka perangane wujud ukara, dadi wujuding ukara mau bisa jejere, wasesane, lisane, utawa katrangane.”

 

 

 

Ukara camboran susun  sing ngganti salah siji saka peranganing ukara mau diarani ganti gatra. 

 

Ganti Gatra dibedakan menjadi 4:

 

a.   Gatra jejer, contohnya:

 

·        Ibu mundhut roti.

Ukara camboran susun:  Priyayi sing nglairake aku mundhut roti.

 

b.   Gatra wasesa, contohnya:

 

·        Pakdhe sopir.

Ukara camboran susun: Pakdhe gaweyane nglakokake mobil.

 

c.   Garta lesan, contohnya:

 

·        Satriyo ndandani televisi.

Ukara camboran susun: Satriyo ndandani piranti elektronika.

 

d.   Gatra katrangan, contohnya:

 

·        Bapak tindak menyang Amerika.

Ukara camboran susun: Bapak tindak menyang mancanagara.

 

 

Contoh kalimat majemuk susun/bertingkat:

 

1)    Mbak Yuli ora mangkat kerja jalaran lara meriang.

2)    Nalika Dipta teka, Jatmika lagi dolanan computer.

3)    Senajan diwenehi sangu aku ora bisa teka.

4)    Bapak mau ngendika yen kowe ora pareng dolan.

 

 

 

3.   Ukara camboran raketan (kalimat majemuk rapatan)

 

 

        Ukara camboran raketan adalah kalimat yang salah satu dari bagian kalimat yang sama baik subjek, predikat, objek, maupun keterangan hanya diucapkan sekali. yaiku ukara kang salah sijining saka peranganing ukara kang padha mung dikandhakake sepisan.

 

 

Ukara camboran raketan dibedakan menjadi 4:

 

a.        Raketan jejer, tuladha:

 

·        Siti adus.

·        Siti sarapan.

 

Ukara camboran raketan : Siti adus banjur sarapan.

 

 

b.        Raketan wasesa, tuladha:

 

·        Umi ngresiki paturonane

·        Adine ngresiki jogane

·        Mbakyune ngresiki latare

 

 

Ukara camboran raketan : Umi ngresiki paturonane, Adhine jogane, Mbakyune latare.

 

 

c.        Raketan lesan, tuladha:

 

·        Ibu mundhut pelem

·        Aku ngoceki pelem

 

Ukara camboran raketan : Ibu mundhut pelem, Aku sing ngoceki.

 

 

d.        Raketan katrangan, tuladha:

·        Bapak tindak Jakarta nitih pesawat

·        Ibu tindak Jakarta nitih sepur

 

Ukara camboran raketan : Bapak tindak Jakarta nitih pesawat, dene Ibu nitih sepur.

 

 

 

 

.OLAH KALANTIPAN.

Ukara-ukara ing ngisor iki kalebu ukara camboran jenis apa?

 

1.        Nalika Rudi mangkat sekolah udane deres banget.

2.        Bocah sing nganggo topi abang iku adhiku.

3.        Roni ngombe dhawet, Sumirah the, lan Surti es jeruk.

4.        Simbah mundhut nyamping, rasukan, lan slendang.

5.        Semangka iku abang wujude nanging anyep rasane.

6.        Aku sing ngoceki dene kowe sing nggoreng.

7.        Sumanto ndandani piranti elektronika.

8.        Simbahku priyayi kang dadi pinutuwaning Desa Tunggalsari.

9.        Wong sing nganggo bathik iku guruke.

10.    Nalika udane deres simbah pas rawuh.

11.    Haryanti kuwi dudu guru, nanging dokter.

12.    Aku ora bisa melu piknik amarga ora duwe dhuwit.

13.    Sing nggoreng kacang mbakyune, dene sing mbungkusi adhine.

14.    Dheweke adus banjur tata-tata mangkat sekolah.

15.    Udane deres mula kaline banjir.

16.    Rizki bodho amerga kesed sinau.

17.    Dheweke kerep mbolos mulame ditimbali wali kelas.

18.    Aku mung nresnani Yanti, nanging ora bisa nduweni.

19.    Pagaweyane Siman nyapu latar lan makani sapi.

20.    Rini wis rampung kuliahe, malah saiki dheweke wis nyambut gawe.

 

 

 

 

0 Comments:

Post a Comment