PARAGRAF PERSUASI

Paragraf Persuasi adalah / Yaiku paragraf kang nduweni tujuan kanggo mengaruhi, mbujuk, ngajak utawa ngrayu wong kang maca (bertujuan mempengaruhi pembaca untuk melakukan sesuatu/mengajak), saengga wong kang maca bisa kepengaruh lan melu apa kang dadi gegayuhane penulis.

Tuladhane wara-wara, poster (katakan tidak pada NARKOBA, Hidup sehat tanpa rokok, hutan sahabat kita, hemat energy demi generasi mendatang, praktik pidhato kang gedhe mupangate).

Urut-urutane nulis paragraf persuasi:
1)      Nemtokake tema / topic
2)      Nemtokake tujuan karangan persuasi
3)      Ngumpulake data saka maneka sumber
4)      Nyusun kerangka karangan kang jumbuh karo topik kang dipilih
5)      Ngembangake kerangka dadi karangan persuasi

Bedane paragraf argumentasi karo paragraf persuasi yaiku paragraf argumentasi kang dadi bakune yaiku salah benere gagasan/pendapat. Dene paragraf Persuasi ngarep-arep supaya pamaos melu karo kekarepane penulis

Tuladha:
PRAKTIK PIDHATO KANG GEDHE MUPANGATE
praktik pidato iku gedhe banget mupangate. saben praktik pidato iku mesthi duweni pengalaman kang paling nyensemake ati. saya kulina anggone praktik pidato, mbuh iku gladhen utawa praktik pidato temenan bakal saya akeh pengalaman batin kang diduweni. saka pengalaman batin mau pamicara nemokake cara - cara pidato sing efektif lan nyenengake. saya akeh daya pikat kang ditemokake lan saya kerep dipraktike, bakal saya akeh pengalaman pamaos.
wis ora mokal maneh yen praktik pidato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa percaya dhiri. yen rasa percaya dhiri mau wis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana godha (kaya rasa isin), wedi lan grogi. percaya dhiri mau kang dadi modal pisanan kanggo ngayuh keberhasilan pidato. mula supaya mahir lan trampil pidato, panjengan kudu nglakoni praktik pidato.


0 Comments:

Post a Comment