TULADHA TAMPA PASRAH PENGANTEN KAKUNG

TULADHA TAMPA PASRAH PENGANTEN



Atur panampi pasrah penganten kakung
Assalamualaikum. Wr, wb.
Nuwun,
Katentreman miwah karahayon, inggih awit sihing Gusti Ingkang hamurba hamasesa sagunging titah, mugi tansah kanugrahakaken dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, waridin sagung dumadi, amin.
Bapa Broto Wicaksana (paraga pamasrah) ingkang dhahat kula kurmati, kalilanana kula tumanggap atur dhumateng pangandikan pasrah panjenengan, minangka sulih sarira saking kulawarga Bapa Kusumo Widodo (besan) sekaliyan garwa.

Ingkang sepisan, kula ingkang pinijji dening kulawarga Bapa Slamet Basuki, hangaturaken sugeng rawuh ngaturaken agunging panuwun saking keparengipun rawuh kadherekaken dening sadaya kulawarga. Kaping kalihipun, pamasrahing panganten kakung sampun katampi kanthi renaning panggalih lan badhe enggal kadhaupaken miturut adat widi widana ing wewengkon ngriki.
Sasampunipun ngaturaken sugeng rawuh, Bapa Kusuma Widodo sekaliyan ibu. Salajengipun, panganten sarimbit badhe enggal kadhaupaken miturut adat ingkang lumampah ing laladan ngriki. Boten katalumpen, bapa lan ibu Slamet Basuki nyuwun tambahing pangestu mugi-mugi sedaya saged kalampahan kanthi lancar tanpa rubeda, pinayungan dening Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Tumanggap pamudhutan pamit sasampunipun rerangkenipun tatacara panggihing panganten sarimbit paripurna, Bapa saha Slamet Basuki ndherekaken sugeng kondur.
Nglenggana jejering titih limrah, boten kesupen Bapa Slamet Basuki sekaliyan garwa miwah sedaya kulawarga nyuwun agunging pangapunten tumrap kirangipun atur pakurmatan, mliginipun ing reh pasugatan miwah palenggahan.
Wusananing atur, semanten atur kula, ”waduk Gajah Mungkur ing Wonogiri, sadaya lepating atur, nyuwun agunging pangaksami”.
Wassalamu’alaikum wr. Wb.
Nuwun, nuwun, matur nuwun
 

0 Comments:

Post a Comment