LAYANG PRIBADHI

LAYANG PRIBADHI
Layang/ surat yaiku salah sawijining bentuk komunikasi kang awujud tulisan
Manut maceme layang dipilah dadi 14, yaiku:
1.      Layang Dhines: laying tumrap kantor
2.      Layang Dhawur/ Prentah: surat perintah
3.      Layang Lamaran: nglamar pegaweyan
4.      Layang Ulem: sedhahan wong arep duwe gawe
5.      Layang Undhangan: kanggo kumpulan/rapat
6.      Layang Kabar: isine bab pawarta
7.      Layang Iber-iber: selebaran kanggo sapa wae kang gelem maca ex. Layang hasil rapat wali murid
8.      Layan Lelayu: isine bab kabar kematian/kesripahan
9.      Layang Gandhen: layang saka kantor pegadhean
10.  Layang Wasiat: isine piweling saka wong kang digawe sadurunge seda

11.  Layang Kekancingan: surat keputusan
12.  Layang Talak: pegat
13.  Layang Asman: layang sing during ditanda tangani
14.  Layang Pribadhi: layang kang sipate pribadi.
Manut basa, isi, sipat lan asale, laying kaperang dadi 4, yaiku:
1.      Layang resmi
2.      Layang dinas
3.      Layang niaga
4.      Layang pribadhi


 LAYANG PRIBADHI
Layang pribadhi yaiku layang kang tujuane kanggo kepentingan pribadhi.kayata, anak marang wong tuwane, marang sedulure, lsp.
Perangane layang, yaiku:
1.      Satata basa
Jeneng lan panggonan kang dikirimi layang, biasane katulis ing dhuwur sisih tengen.
2.      Adangiyah
Nelakake Unggah – ungguhing basa sing kirim layang.
Ex. Salam taklim, sembah sungkem, lsp.
3.      Purwaka basa/ pambuka
Nelakake kabar keslametan sing kirim layang.
4.      Surasa basa/ isi
Nelakake apa wae kang prelu dikabarake.
5.      Wasana basa/ penutup
Nelakake panjurug(ukara panutup) kang gegandhengan karo isine layang
6.      Titi mangsa
Tanggal nalika nulis layang
7.      Peprenah
Mratelakaken sesambunganipun tiyang ingkang ngirim layang
8.      Tapak asma
9.      Nama terang

Tuladha layang pribadhi............................

0 Comments:

Post a Comment