UNDHA USUK BASA JAWA

UNDHA USUK BASA
(TINGKATAN BASA ING BASA JAWA)
 
 
 Titikane:
a.    Ngoko Lugu
a.    Tetembungane ngoko kabeh
b.   Nggunakake ater-ater tripurusa (dak-, ko-, di-) ngoko
c.    Nggunakake panambang (-ku, -mu, -e, -ake)
d.   Tembung sesulih utama purusa (orang pertama)  : aku
Tembung madya purusa (orang kedua)                : kowe
 
·      Sesuk sore aku arep lunga mancing.
·      Wingi sore dak kowe mrene?
·      Pak dhe arep tuku montor anyar.
·      Buku sing ning meja apa kojupuk?
 
b.   Ngoko Alus
a.       Tetembungane ngoko kecampur tembung krama inggil ing jejer, wasesa lan tembung kriya
b.      Nggunakake ater-ater tripurusa (dak-, ko-, di-) ngoko
c.       Nggunakake panambang (-i, -e, -ake)
d.      Tembung sesulih utama purusa            : aku
Tembung madya purusa                      : panjenengan
 
·         Panjenengan mau apa sida sare?
·         Ardi didukani pak Guru amarga ora nggarap PR.
·         Mau esuk Eyang tindak pasar.
·         Ardhi diutus pak guru tuku bolpen ireng.
 
c.    Krama Lugu
a.       Tetembungane krama lugu kabeh
b.      Ater-ater lan panambange dikramakake (dipun-, -ipun, -aken)
c.       Tembung sesulih utama purusa (orang pertama)          : kula
Tembung madya purusa(orang kedua)             : sampeyan
 
·         Sampeyan kalawau sampun nedha?
·         Sampeyan mangke bidal/kesah jam pinten?
·         Adhi dipunpendhet bapak saking dalemipun Simbah.
 
d.   Krama Alus
a.       Tetembungane nggunakake krama kecampuran krama inggil
b.      Tembung krama inggil tumrap sing diajak guneman
c.       Ater-ater lan panambange dikramakake (dipun-, -ipun, -aken)
d.      Tembung sesulih utama purusa            : kula, kawula, abdi dalem
Tembung madya purusa                      : panjenengan, panjenengan dalem
 
·         Panjenengan kalawau sampun dhahar?
·         Simbah tindak peken mbekta songsong (payung).
·         Panjenengan dipunaturi jumeneng sawetawis.
·         Babagan punika kula dereng mangertos, Bu.
 
    Tuladha tembung
Ngoko
Krama Lugu
Krama Alus
B. Indonesia
ati
manah
penggalih
Hati
turu
tilem
sare
tidur
kowe
sampeyan
panjenengan
kamu
aku
kula
Kula, kawula
saya
tuku
tumbas
mundhut
membeli
njipuk
mendhet
mundhut
Mengambil
Mangkat, lunga
Bidhal, kesah
tindak
pergi
teka
dugi
rawuh
datang
ameh
arep
badhe
Akan
terus
banjur
lajeng
Terus
mata
mripat
Paningal, soca
Mata
mangan
nedha, madang
dhahar
makan
payung
payung
songsong
Payung
udan
jawah
jawah
Hujan
wedi
ajrih
ajrih
Takut
yen
menawi
menawi
Jika
takon
taken
Nyuwun pirsa
Bertanya
mati
pejah
seda
Mati
metu
medal
miyos
Keluar
mulih
Mantuk, wangsul
kundur
Pulang
melu
tumut
ndherek
Ikut
omah
griya
dalem
Rumah

  Tuladha:
1)     (NL) Kowe mau wis mangan?
2)     (NA) Panjenengan mau wis dhahar?
3)     (KL) Sampeyan kalawau sampun nedha/madang?
4)     (KA) Panjenengan kalawau sampun dhahar?
 
a.       Simbah lunga pasar nggawa payung
b.       Simbah tindak pasar ngasta payung
c.       Simbah menyang pasar nggawa payung/songsong.
d.       Simbah tindak peken ngasta songsong.
 
        1.       Pak Dhe tuku montor anyar.
        2.       Pak Dhe mundhut montor anyar.
        3.       Pak Dhe tumbas montor enggal.
        4.       Pak Dhe mundhut montor enggal.

JANGKEPANA UKARA KANG ISIH RUMPANG ING NGISOR IKI KANTHI TETEMBUNGAN KANG TREP

 

Pagineman.

Tuladha:

+ Panjenengan kalawau wungu jam pinten?

-  Kula kalawau tangi jam sekawan.

1.      P = Mangga kula aturi mriksani rumiyin foto-foto punika.

R = matur nuwun kula sampun …………………. Kaping kalih.

2.      P = Punapa panjenengan remen dhahar pedes-pedes?

R = Kula boten patos remen ………………….. Pedes-pedes.

3.      P = Saestu mundhut uwos?

R = Inggih kula badhe ………….. uwos, amargi wonten griya sampun telas.

4.      P = Panjenengan …………………… taun pinten?

R = kula lair taun 1976.

5.      P = punapa eyang gerah ta budhe?

R = Leres, eyang …………………. sampun sawatawis wekdal.

6.      P = Punapa panjenengan ngasta kalawarti ingkang enggal?

R = Boten, kula boten …………………..

7.      P = Kenging punapa paningal panjenengan kok abrit?

R = o, punika kalawau …………….. kula kelilipen.

8.      P = Eyang sampun …………………. pawarta punika?

R = Menawi kula nembe miring kalawau enjjing.

9.      P = Sanes wekdal kula aturi ……………mrika.

R = Inggih sanes wekdal kula dolan mrika.

10.  P = Sinten asma panjenengan ingkang jangkep?

R = ……………………….kula ingkang jangkep Prastya Utama.

11.  P = Panjenengan punapa bibar gerah?

R = Inggih kula pancen bibar …………….. tigang dinten.

12.  P = Mangga kula aturi dhahar rumiyin.

R = Matur nuwun sanget mangke kula ………………….

13.  P = …………………..panjenengan ingkang mbajeng kuliah wonten pundi?

R = Anak kula kuliah wonten UGM.

14.  P = Punapa benjing panjenengan saestu tindak Madiun?

R = Menawi wonten sarengan kula badhe ……………..mrika.

15.  P = mangke menawi sare ngagem singep kemawon, menawi dalu asrep sanget.

R = nyuwun pangapunten kula mboten kulina ………………………

16.  P = Bapak punapa sampun siram kala wau enjing?

R = Kula ugi badhe ……….amargi badhe kesah sekolah.

17.  P = Para bapak kula aturi pinarak ingkang sekeca

R = Mangke kula ………..wonten wingking panjenengan.

18.  P = Panjenengan punika ingkang asma sinten?

R = Menawwi ………. Kula ingkang jangkep Galang Ramadan.

19.  P = Bapak sampun kondur saking Semarang.

R = Kula sampun …………….saking sekolah.

20.  P = Punapa panjenengan boten ningali ringgit? 

      R = Kula badhe ………kaliyan kanca-kanca.