Showing posts with label MATERI SMA. Show all posts
Showing posts with label MATERI SMA. Show all posts

PIDATO BAHASA JAWA, TEMA CINTA TANAH AIR

Pidato merupakan salah satu cara untuk seseorang untuk menyampaikan pendapat untuk membuat semua pendengar mengetahui maksud dan tujuan dari orang yang berpidato. Teks Pidato kali ini, merupakan salah satu teks pidato yang memiliki makna yang mendalam karena berisikan pesan moral yang sangat penting untuk semua orang. Yaitu pidato tentang rasa cinta kita terhadap tanah air Indonesia.
 

  


      Assalamualaikum Warahmatullahi wabarakatuh


Nuwun, Nuwun…..

 

Para sepuh, pinisepuh ingkang tansah kinabekten

Para bapak saha ibu ingkang kinurmatan. Sumawana mudha –mudhi ingkang karoban ing raos bagya.

 

 

Langkung rumiyin sumangga panjenengan dalasan kawula ngaturaken pudji syukur dhumateng ngrasanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring pangayoman miwah panjangkung. Satemah ing kalodhangan punika panjenengan dalasan kawula saged makempal manunggal kanthi raos bagya mulya, kalis ing sambekala.

 

 

Kaping kalihipun sholawat saha salam mugi tansah kalimpahaken dhateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW mugya kita sedaya pikantuk safa’at wonten ing yaumul akhir samangke. Amin Aamiin Ya Rabbal Alamin.

 

 

 

Para Bapak saha ibu ingkang kinurmatan, sumawana mudha mudhi ingkang karoban raos bagya.

 

 

Kawula Minangka Sesulih saking ……… bingah sanget, ing wekdal punika kawula saged ngandharaken babagan bebuden luhur wonten zaman  globalisasi.

 

 

Bapak Ibu ingkang kawula kurmati, sarta para kanca kang kawula tresnani, Kula badhe nyuwun pirsa…?

 

Miturut panjenengan sedaya tresna panjengan dhateng Negara Kesatuan Republik Indonesia, kinten kinten pinten persen?

 

Setunggal, sedasa, kalih dasa, selangkung, seket, punapa satus persen?????

 

Remen dhateng Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI) sejatosipun boten namung pocapan kemawon ananging kedah jumbuh antawisipun pocapan kaliyan tindak tandukipun.

 

 

 

Salah satunggaling tindak tanduk ingkang dados bukti, bilih kita generasi penerus ingkang tresna dhateng Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI) inggih punika Ngamalaken Dasar Negara kita Pancasila. Kanthi dados generasi kang remen kaliyan tanah air Indonesia, panjenengan dalasan kawula sampun dherek partisipasi aktif mujudaken persatuan saha kesatuan Indonesia.

 

 

 

Para kanca kang dak tresnani,

 

Wonten maneka warna Tindak tanduk kang nedahaken remen tanah air ingkang saged dipunpatrapaken ing kauripan saben dina, mliginipun ing lingkungan sekolah. Tuladhanipun:

 

 

Setunggal , Semangat anggone nyinanoni sejarah para pahlawan bangsa.

Para kanca kang dak tresnani, kenging punapa kita kedah nyinanoni sejarah perjuangan pahlawan kamardikan? Wontenkang mangertosi??? Nggih leres.! sejatosipun Tanpa wontenipun pahlawan mustahil bilih kita saged jumeneng ing ngriki kanthi tata tentrem bagya mulya. Saged ugi kepara kita sedaya taksih sibuk perang nglawan penjajah, saengga kula lan panjenengan sami boten wonten kalodhangan kagem ngayahi kagiyatan sinau, sekolah, lan dolanan.

 

 

Kanthi perjuanganipun para pahlawan, ing jaman milenial, ing jaman merdeka pasinaon kita namung kedah nglawan rasa wegah, kesed, supados kula lan panjenengan sami tebih saking kabodohan ilmu uga teknologi.




ingkang kaping kalih inggih punika semangat anggenipun dherekaken upacara bendera utawi upacara hari besar nasional.

 

 

Saking Upacara panjenengan kaliyan kawula saged mangertos lambang Negara kita, Bendera Merah Putih, lagu nasional Indonesia Raya, pahlawan nasional saha dumugi symbol Negara. Sedaya menika wujud tresna kula lan panjenengan marang bumi pertiwi Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI).

 

Nalika Upacara kita dipunajari  bersikap disiplin, rapi, saha kurmat dhateng tiyang sepuh lan tresna dhateng kanca. 

 

 

 

Para kanca kang dak tresnani, saha para Bapak ibu ingkang kawula kurmati,

 

 

Tanpa tumindak tresna marang tanah air Indonesia, Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI) bakal ajur lan ajur malah kepara ajur mumur. Tanpa sikep lan solah bawanipun kawula, panjenengan saha bebrayan ingkang tresna marang negara, kawula pitados bilih sawijining dinten samangke Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI) kita bakal rusak ajur mumur amarga dipunpimpin dening generasi penerus ingkang boten preduli kaliyan kahanan bangsa.

 

 

Pramila saking punika mangga kawula dalasan panjenengan sami, sami ningkataken raos kecintaan kita, raos kepredulian kita, marang Negara kita Negara kesatuan Republik Indonesia kanthi pantang menyerah lan rela berkorban.

 

 

 

Saderengiun kawula tutup, manga panjenengan dalasan kawula sami nyantekake lagu babagan rasa a cinta  marang tanah air. Inggih punika lagu karya saking KH. Abdul Wahab Chasbullah, ingkang irah irahanipun Yalal Waton.

 

 

Ya Lal Wathon Ya Lal Wathon Ya Lal Wathon

Hubbul wathon minal iman

Wala takun minal Hirman

Inhadlu alal wathon

Indonesia biladi

Anta 'unwanul fakhoma

Kullu may ya'tika yauma

Thomihay yalqo himama

 

Pusaka hati, wahai tanah airku
Cintaku dalam imanku
Jangan halangkan nasibmu
Bangkitlah, hai, bangsaku

Pusaka hati, wahai tanah airku
Cintaku dalam imanku
Jangan halangkan nasibmu
Bangkitlah, hai, bangsaku

Indonesia neg'riku
Engkau panji martabatku
Siapa datang mengancammu
'Kan binasa di bawah durimu
Siapa datang mengancammu
'Kan binasa di bawah durimu


Pusaka hati, wahai tanah airku
Cintaku dalam imanku
Jangan halangkan nasibmu

Bangkitlah, hai, bangsaku
Pusaka hati, wahai tanah airku
Cintaku dalam imanku
Jangan halangkan nasibmu
Bangkitlah, hai, bangsaku

Indonesia neg'riku
Engkau panji martabatku
Siapa datang mengancammu
'Kan binasa di bawah durimu
Siapa datang mengancammu
'Kan binasa di bawah durimu

 

 

Punika lirik lagu Yalal Waton karya saking KH. Abdul Wahab Chasbullah kang nyariosaken tresna marang tanah air

 

 

Mekaten ingkang saged kawula aturaken. Mugya sami saged ngetrapaken ngamalaken bebuden luhur ing zaman globalisasi punika. Wonten klenta klentuning atur awit purwa dumugi wasana kawula anyuwun agunging samudra pangaksami 

 

 

Santen Parutan Klapa

Cekap semanten Atur Kawula 

 

 

Wassalamualaikum wr Wb

 

 

semoga bermanfaat.

Mengenal Prabu Puntadewa (Yudistira) Raja Ing Ngamarta

Yudistira raja ing Ngamarta. Putra sulung saka Prabu Pandhudewanata lan Dewi Kunthitalibrata. Duweni sedulur cacah papat, yaiku Bima, Arjuna, nakula lan Sadewa. Yudistira duweni garwa kang jenenge Drupadi lan duweni putra kang jenenge Pancawala.

 

Prabu Yudistira
 

 

Pandawa bisa ngedegke Negara Ngamarta asale saka saran Matsyapati kang duweni simpati karo pengalaman Pandawa. Sarane Matsyapati yaiku supaya mbukak kawasan wana kang ora duweni tuan yaiku Wanamarta supaya dadi kerajaan anyar. Wanamarta dipanggoni karo bangsa jin kang dipimpin karo pandawa.

 

 

 

Nalika bukak Wanamarta akeh rintangan sing dialami, nanging sawise guneman antarane pandawa lan bangsa jin, bangsa jin ngrelakake Wanamarta mau marang Pandawa digawe Negara anyar. Singkat cerita banjur Yudistira mindahake istana Amarta sing asale ana ing alam jin pindah marang ing alam manungsa. Yudistira nalika dadi raja Duweni patih kang jenenge Tambak Ganggeng, yaiku putra saka Raja Slagahima.

 

 

 

Prabu Yudistira duweni watak kang arif wicaksana, sabar lan jujur. Remen tetulung marang kang mbutuhake tanpa ningali drajate serta ora duwe mungsuh. Prabu Yudistira seneng karo kahanan kang adem tentrem loh jinawi tanpa peperangan. Saengga Prabu Yudistira disegani karo kesatriya-kesatriya saka manca. Amerga duweni kesaktian Aji Triwikrama nalika murka Prabu Yudistira awake malih dadi raseksa gedhe lan medeni. Sedane Prabu yudistira yaiku kanthi cara “Mukswa” yaiku seda kanthi bebarengan ilange raga.

 

 

 

Ciri Prabu Yudistira/ Prabu Puntadewa

 

1.     Raja ing Ngamarta/ Amarta/ Indraprastha.

 

2. Dasanama jenenge Yudistira: Puntadewa, Gunatalikrama, Darmakusuma, Ajatha Satru, Kunta Aji, Darmajaka, lsp.

 

3.     Putra saka Prabu Pandhudewanata lan Dewi Kunthitalibrata.

 

4.     Duweni garwa jenenge Drupadi.

 

5.     Duweni putra jenenge Pancawala.

 

6. Duweni pusaka Jimat Jamus Kalimusada / Surat Kalimahusada, tombak Karawelang.

 

7.     Duweni getih putih.

 

8.     Sifate sabar lan ora duweni mungsuh.

 

 

 

Prabu Puntadewa

 

 

Yudistira adalah raja di Negara Ngamarta. Putra sulung dari Prabu Pandhudewanata dan Dewi Kunthitalibrata. Ia mempunyai empat saudara laki-laki yaitu Bima, Arjuna, Nakula dan Sadewa. Yudhishthira mempunyai seorang istri bernama Drupadi dan seorang putra bernama Pancawala.

 

 

Pandawa mampu mendirikan Negara Ngamarta karena nasehat Matsyapati yang turut bersimpati dengan pengalaman Pandawa. Saran Matsyapati adalah membuka kawasan hutan yang tidak ada penguasanya, Wanamarta, untuk dijadikan kerajaan baru. Wanamarta dihuni oleh bangsa jin yang dipimpin oleh Pandawa.

 

 

 

Saat membuka Wanamarta banyak kendala yang ditemui, namun setelah terjadi perbincangan antara Pandawa dengan para jin, para jin memberikan Wanamarta kepada Pandawa untuk dibuat negara baru. Singkat cerita, kemudian Yudistira memindahkan istana Amarta dari alam jin ke alam manusia. Yudistira ketika menjadi raja memiliki patih yang bernama Tambak Ganggeng, merupakan putra dari Raja Slagahima.

 

 

 

Raja Yudistira mempunyai sifat yang bijaksana, sabar dan jujur. Ia suka menolong orang yang membutuhkan tanpa melihat statusnya dan tidak mempunyai musuh. Raja Yudistira senang dengan keadaan tenang dan damai tanpa perang. Sehingga Raja Yudistira disegani oleh para ksatria dari luar negeri. Karena memiliki kesaktian Aji Triwikrama, ketika Prabu Yudistira sedang marah, ia berubah menjadi raksasa yang sangat besar dan menakutkan. Kematian Prabu Yudistira adalah dengan cara “Mukswa” yaitu kematian dengan cara bersamaan kehilangan jasad atau raga sekaligus.

 

 

 

Ciri-ciri Raja Prabu Yudistira/ Prabu Puntadewa

 

1.   Raja dari Negara Ngamarta/ Amarta/ Indraprastha.

 

2. Nama lain Yudistira : Puntadewa, Gunatalikrama, Darmakusuma, Ajatha Satru, Kunta Aji, Darmajaka, dll.

 

3.   Putra dari Prabu Pandhudewanata dan Dewi Kunthitalibrata.

 

4.   Mempunyai istri bernama Drupadi.

 

5.   Mempunyai seorang putra yang bernama Pancawala.

 

6. Mempunyai jimat pusaka Jamus Kalimusada/ Surat Kalimahusada, Tombak Karawelang.

 

7.   Berdarah putih.

 

    8. Bersifat sabar dan tidak mempunyai musuh.
 
 
 
 
     "Sedikit ulasan mengenai Prabu Yudistira/Prabu Puntadewa Raja Ing Ngamarta semoga bermanfaat, terima kasih"