Paragraf
Argumentasi / Paragraf Argumentasi bahasa Jawa Yaiku paragraf kang mratelakake
alesan, tuladha lan bukti-bukti kang kuat lan bisa gawe yakine wong kang maca.
Tujuane kanggo gawe yakine wong kang maca saengga bisa mbenerake pendapat,
tindak tanduk lan uga keyakinane dhewe. Tuladhane SMK sebagai aset bangsa
yang potensial, teknologi komunikasi harus segera dikuasai, alcohol bisa gawe
cilaka
Urut-urutane
nulis argmentasi:
1) Nemtokake tema/topic
2) Nemtokake tujuan karangan
3) Ngumpulake data saka maneka
sumber
4) Nyusun kerangka karangan
kang jumbuh karo topic kang dipilih
5) Ngembangake kerangka dadi
karangan argumentasi
Yaiku
wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi penemune wong liya, supaya percaya lan
wusanane tumindak jumbuh karo kang dikarepake penulis / kang ngomong.
Tuladha :
ALKOHOL BISA GAWE CILAKA
Ngombe alkohol sajroning wektu kang
suwe bisa ndadekke tiwas amarga keracunan utawa kacilakan. Ing Amerika Serikat
saben tahun 25.000 jiwa mati amarga kacilakan lalu lintas awit nyopir nanging
lagi mendem. Meh 15.000 jiwa tumindak kasar utawa nglalu, amarga mendem. Ana 40
juta anak lan bojone padha sangsara nandhang tekanan mental, awit salah siji
keluargane ketaman nyandu alkohol.
Penulis
ngerti dhewe kira-kira 10 wong kang nyandu
Senajan wis suwe ora ngombe alkohol, ana tengara
rada cethek nalare, gampang nesu, gampang mutung, gampang nglokro, pamikire
mulek ana panemune dhewe.
BASA JAWA
LAN BUDI PAKARTI
Basa Jawa
menika gadhah relevansi kaliyan pendidikan budi pakarti. Kangge tuladhanipun,
lare ingkang nyinau basa Jawi mBoten kraos ugi pikantuk pelajaran budi pakarti.
Paling mBoten, lare menika saged mangertosi babagan unggah-ungguh ingkang dados
salah satunggaling unsur penting wonten pendidikan budi pakarti. Lare-lare kala
wau badhe luwih ngajeni tumrap tiyang sanes, kaliyan tiyang ingkang dipunjak
micanten, ugi luwih ngajeni tiyang ingkang luwih sepuh saking piyambakipun.
Wonten ing kabudayan Jawi menika, kususipun ing basa Jawi, wonten kathah sanget
bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang
sejatosipun sampun diakui kaliyan bangsa Indonesia. Babagan menika amargi
bebasan-bebasan ing basa Jawa menika ngandhut kapribaden manungsa ing
Indonesia. Tegesipun, sedaya ingkang sae, ingkang endah ing pangraosan
dipunungkapaken mawi tetembungan basa Jawi. Isi lan unenipun tetembungan menika
saged dipunpahami kaliyan bangsa Indonesia. Kangge tuladhanipun inggih menika
bebasan:
1. “gemi,
nastiti, ngati-ati”
Gemi
menika ateges mboten boros, manungsa menika mBoten pareng boros wonten
gesangipun, amargi boros menika kalebet tumindak ingkang mBoten sae. Nastiti
menika ateges mBoten nyedhak kaliyan babagan ingkang angel, dados manungsa
menika mBoten usah kangelan anggenipun ngadhepi gesang menika, nanging kedah
usaha kemawon. Ngati-ati menika ateges ngedohaken awakipun saking tumindak
ingkang ala (mBoten sae/kelentu), manungsa menika kedah miturut kaliyan mergi
ingkang sae, manut kaliyan moral lan aturan ingkang wonten ing masarakat.
2. “tegen,
mugen, rigen”
Tegen
menika ateges mBoten nDamel tiyang sanes kuciwa_mliginipunipun ingkang dados
semahipun, utawa dados tiyang menika kedah kurmat kaliyan garwanipun. Mugen
ateges menawi tiyanng menika kedahipun saged dipercaya kaliyan tiyang sanes,
utawi manungsa menika kedah saged nDadosaken tiyang sanes percaya kaliyan
piyambakipun. Rigen menika ateges menapa ingkang dipuntindakaken menika saged
nDadosaken manpangat kangge tiyang sanes.
3. “titi,
rukti, rumanti”
Titi
menika ateges tiyang menika mboten pareng sembrana anggenipun tumindak. Rukti
ateges manungsa menika kedah dadhah penampilan ingkang sae, pantes lan mBoten
ngisin-isini. Dene rumanti menika ateges saged nyekapi, utawi menawi dados
garwa ingkang sae menika kedah saged nyekapi kabetahanipun ngangge penghasilan
ingkang punpikantuk.