Ngrungokake
Cerita Rakyat
Ngrungokake cerita rakyat kalebu jenis ngrungokake apresiatif. Tegese sabubare kita ngrungokake cerita cekak kang wus diwacakake mesthi bakal ngapresiasi, nggoleki teges/makna cerkak mau sawutuhe kanthi miling-milingi kepriye watake tokoh-tokoh, latare lan sapanunggalane.
Crita rakyat yaiku crita sing wis sumebar ing masyarakat. Kang cacahe ora bisa kapetung, kala mangsane ora bisa digoleki sapa sing nganggit. Yen kowe nate nemokake jenenge penulis ing sangisore crita rakyat mau, sejatine among penulis kang nyritakake maneh crita rakyat kang wus ana ing masyarakat.
Crita rakyat mbuh kepiye asal mulane, bisa kaweruhi nganti seprene amerga kadongengake liwat lathi menyang lathi, run tumurun saka mbah buyut tekan sanak putune. Mula saka kuwi crita-crita kayadene dongeng sadurunge mapan turu mau banjur kaarani crita rakyat, yaiku crita sing dianggep duweke rakyat, sing nganggit rakyat, lan dicritakake kanggo rakyat.
Ciri-ciri
kang bisa dipethik saka crita- crita rakyat kang ana, kayata:
1.
Anonim, ora diweruhi sapa sejatine sing
nganggit.
2.
Minangka karya kolektif, dianggep duweke
rakyat bareng-bareng.
3.
Nyritakake bab ala lan bener kanggo
tuladha.
4.
Nggambarake kedadeyan-kedadeyan kang
mokal anane (imajiner)
5.
Statis, tetep, ora ana owah-owahan sing
wigati saka jaman menyang jaman.
Unsur-unsur cerita rakyat.
Crita rakyat iku duweni unsure-unsur kang bisa
disinau kanggo nemokake tegese. Unsur-unsur sing bisa ditemokake ana ing
sajroning crita kasebut unsure intrinsik. Unsur intrinsic cerita rakyat,
kayata:
1.
Tema,
yaiku bab kang dadi dhasaring crita. Tegese sawijining prakara kang diangkat
lan dijabarake ana ing saperangan gedhe pokok masalah crita. Kayata: legenda
(asal usul daerah), fable (cerita kewan), crita dewa-dewi, lsp.
2.
Tokoh,
yaiku sawijining paraga ing salebeting crita. Paraga/lakon ing sajroning carita
nduweni watak (prilaku). Jinising paraga:
a.
Protagonis
(tokoh baik) , yaiku paraga kang duweni watak apik, patriotic, tumindake bener
lan pener.
b.
Antagonis
(tokoh jahat), yaiku paraga kang duweni sipat jahat, kasar, lsp.
c.
Tirtagonis,
yaiku paraga tambahan, utawa paraga kang mbiyantu protagonis lan antagonis.
3.
Latar,
yaiku minangka katrangan kang nuduhake panggon-panggon lan uga titi
mangsa/wayah dumadine kadadeyan-kadadeyan kang ana ing carita.
4.
Alur,
yaiku
Pola pangembangan crita kang kabentuk saka hubungan sebab akibat. Alur kaperang
dadi 3, yaiku: alur maju (progresif/kronologi), mundur (flashback), campuran.
5.
Amanat,
yaiku
pituduh kang sinimpen ana ing crita. Amanat bisa wae kaserat langsung liwat
narasine pengarang utawa dialog kang katindhakake dening paraga, nanging uga
bisa sinandhi ana ing crita wutuhe (kasirat). Pamaos bisa nangkep amanat kang
kasirat kanthi nyimpulake dhewe saka dalan critane (alur)
6.
Sudut
pandang, yaiku
posisine pangganggit nalika ncritakake crita.