PARAGRAF NARASI

Paragraf Narasi Bahasa Jawa utawa Paragraf Narasi Bahasa Jawa yaiku wacana kang nyritakake kadadeyan kang digawe supaya wong kang maca digawe kaya ngalami dhewe kedadeyan kang dicritakake. Uga bisa wacana narasi yaiku karangan sing ngandharake kadadeyan manut urutan wektu (kronologi) ana paraga, latar, lan alur e.

Tuladha narasi: Novel, Cerkak, Dongeng, Roman (kisah percintaan
tuladhane: Romeo and Juliet), Hikayat (cerita hewan tuladhane: Kancil nyolong timun), Biografi, lan kisah pengalaman pribadhi

Urut – urutane nulis wacana narasi:
1.      Nemtokake tema karangan
2.      Nemtokake tujuan karangan
3.      Nglumpukake bahan – bahan karangan bisa adedasar:
-    Adedasar pengalaman pribadi utawa wong liya
-    Adedasar khayalan utawa imajinasi
-    Adedasar kedadeyan lokal, regional, nasional, utawa internasional
4.      Nata rantamaning karangan (membuat runtutan karangan)
-    Nemtokake tujuan kang cetha
-    Ditata kanthi logis lan wajar
5.      Ngembangake rantaman / kerangka karangan
-    Bisa katata kanthi anggathekake lakuning crita/ alur
-    Basa kang dipigunakake.

Tuladha wacana Narasi :
Jam 06.00 esuk Darmi mangkat menyang pasar arep kulakan. Tekan ngisor wit trembesi dicegat Darmo lan dijaluk dhompete. Darmi mbengok, Darmo bingung terus njupuk watu dithuthukake sirahe Darmi. Darmi tiba klenger, dipindhoni dithuthuk watu maneh. Ngerti yen Darmi mati, Darmo mlayu nginggati.

Katingal kanthi jinise wacana Narasi, Wacana Narasi kuwi saged kaperang dadi loro:
a.       Narasi Ekspositoris yaiku wacana narasi kang isine arupa karangan kang sipate nyata.
Tuladhane: Biografi, Autobiografi, kisah pengalaman pribadhi. 
b.      Narasi Sugestif yaiku narasi kang isine arupa karangan kang sipate fiksi utawa khayalan
Tuladhane: Novel, Cerkak, Dongeng, Roman, Hikayat .


0 Comments:

Post a Comment